Rock Jawa

Inyong seneng music aliran rock kweh wiwitan gemiyen jamane esih sekolah nang SMA Maarif Karangmoncol sebab krungu musike Power Metal. Jaman semana ya esih ngrungokna nang kaset kaset urung mangsan VCD kaya jaman siki apa maning hand phone ya urung ana. Lirick sing ora mbahas cinta cintahan, ora cengeng, kweh alasane inyong seneng karo Rock. Wiwit kue inyong dadi seneng karo aliran Rock, mulai sekang Metalica tekan Europe, nganti siki jamane Jamrud, Boomerang lan liya liyane. Ningen inyong siki agi seneng karo Band Rock Indie sing asale sekang Pekalongan yakue Raprock. Aransemene apik, ora ndesani, senajan Raprox ngarani dheweke Wagu, ningen angger inyong krungu lagune ya malah keren, istilahe kweh Gue Banget Geto Loh,…..!!!! lirik sing khas Pekalongan nambahi khas banget. Kadang serius, nakal, nggleweh, kritik social, kabeh tetep enak dirungokna. Mungkin jalaran pancen kupinge inyong sing pancen wis biasa ngrungokna music gedubragan ra nggenah, dadine wektu krungu Raprox pisanan, inyong langsung seneng.
Raprox mulai ngadeg tanggal 31 Desember 2005, tekan siki wes bolak balik ganti personel :
Jay : Vocal I
Lukman : Vocal II
Agus : Guitar I
Da’an : Guitar II
Atom : Bass
Kipli : Drum
Taun 2006 ganti maning personile dadi :
Jay : Vocal I
Kiko : Vocal II
Agus : Guitar I
Da’an : Guitar II
Andi : Bass
Ma’il : Drum
formasi raprox paling anyar :
vokal I : Jay Raprox
vokal II : Wolly Raprox
guitar I : Andipay Raprox
guitar II: Agoes Raprox
bass : Oemar Raprox
drummer : Halim Raprox
BaseCamp JL. Kusuma Bangsa no. 202
Pekalongan, Indonesia 51114
Email : raprox.band@gmail.com
Kie sing kepengin ndownload lagu lagune, percaya baen, keren pokoke lah ,…

  1. SakKarepe
  2. Adol obat
  3. Batik kalongan
  4. Enthoet
  5. Helm cakil
  6. Lopis krapyak
  7. Ndobol
  8. Njaluk kawin
  9. Sego megono
  10. Otong Bin Atang


Sumber : http://masfays.blogspot.com/2010/06/raprox-band-pekalongan-kreatifitas.html

Siji maning sing inyong seneng kieh,.... Gendhis, asale Surabaya, Judul lagune Jiancuk,...... heheheheh mandan saru, ningen aku seneng banget karo lagu kie.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar