Rabu, 28 Maret 2012

Maca Teknik Naskah Pawarta


Menawi  salah sijine pawongan maca pawarta dipun pocapaken kanthi cetha kang bisa keprungu endah lan cetha dening wong liya , iku kang diarani maca teknik.
Ora kabeh wong bisa maca teknik kanthi sae, jalaan kemampuane wong siji lan sijine iku beda-beda.
Supaya bisa maca kanthi endah lan enak dipun pirengaken, kedah migateaken babagan-babagan kayata ing gisor iki :
1.       Pocapan utawa lafal kudu jelas antarane vocal lan konsonan
2.       Lagu ukara, yaiku munggah mudhune suara
3.       Kawijangan pocapan, yaiku gamblang dipun rungoaken lan bener tumrape aturaning basa
4.       Pandelenge mripat sesaged sagede lurus marang pamiarsa, tajem lan prabawa
5.       Sikape maca kedah sopan santun lan leres


Tuladha teks brita :
Ambal Warsa Departemen Agama
03 January 2012 19:07 WIB
Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Kalih ewu gangsal atus tiyang ngestreni upacara pengetan ambal warsa Depag kaping 66 taun mapan ing Alun-Alun Pemkab Gunungkidul. Upacara ingkang dipun pandhegani Bupati Gunungkidul, Badingah,   kanthi ira-irahan “Memperteguh Komitmen Untuk Membangun Kementrian Agama Yang Bebas Dari Korupsi”.
Kajawi upacara, kangge mahargya ambal warsa  Depag - Kementrian Agama Gunungkidul ugi ngadani kridha donor darah ing Kantor Kemenag Gunungkidul, ingkang dipun estreni pegawai Kemenag Gunungkidul. Salebeting pambagyanipun Bupati Gunungkidul,  piweling supados Depag Gunungkidul tansah njagi lan tinarbuka ing babagan kahartakan, sarta tansah lila legawa anggenipun suka ladosan dhateng warga Gunung kidul.
Saparipurnaning upacara, Bupati tetinjo dhateng Gedung Kemenag kangge donor darah.  Mukhotif, wakil ketua panitia mratelakaken, ing dinten Minggu (8/1) ngajeng, Kemenag Gunungkidul ugi badhe ngadani maneka  lomba kangge siswa, lan nanem uwit, sarta kalajengaken tasyakuran.
Penjor Inggil Wurung Mecah Rekor Muri
03 January 2012 19:03 WIB
Kebumen, www.jogjatv.tv – Kangge ngregengaken pengetan ambal warsa kaping 76 taun Kabupaten Kebumen, penjor inggil ingkang dipun damel dening para siswa SMA I Pejagoan dinten Senen, (2/1) siyang, tetela dereng saged mecah rekor Muri. Bab kasebat jalaran penjor ingkang kaangkah inggilipun 40 meter kasebat, nalika dipun edegaken, coklek ing perangan tengah.
Penjor dipun damel dening para siswa SMA I Pejagoan Kebumen, tembayatan kaliyan Pemerintah Daerah Kabupaten Kebumen, Jawa Tengah, kanthi ancas kangge mecah rekor Muri penjor inggil saderengipun, ingkang inggilipun 28 meter dipun damel ing Bali. Penjor sakawit mujudaken ubarampe tumrap umat Hindhu, minangka lambang karaharjan ingkang dipun pasang nalika riyadi Galungan. Penjor dipun damel saking deling lan janur, ingkang dipun gatra kanthi mirunggan. Wondene tumrap bebrayan Jawi, penjor dipun pasang minangka tandha wontenipun upacara panganten.
Kanthi dipun biyantu kalih mobil jangkep mawi piranti forklif, penjor wiwit dipun edegaken. Nanging dumadakan perangan tengah coklek, satemah penjor kedah dipun selehaken malih. Ketua Panitia, Suratno  mretalakaken, coklekipun penjor kasebat mbokbilih awit deling ingkang dipun ginakaken taksih anem, satemah gampil coklek.
Panitia pemecahan rekor Muri badhe tetep nyobi damel penjor malih kangge mecah rekor Muri penjor ingkang inggil piyambak.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar