Rabu, 28 Maret 2012

Pengalaman Pribadi


Pengalaman iku guru kang paling apik. Ujar – ujar iku pncen bener , jalaran kanthi anane pengalaman, wong urip kang ndueni akal sehat mesti bisa njupuk kawruh utawa pelajaran lan wulangan saka pengalaman kang wes kedadean iku.  Beda manungsa,beda uga pengalamane, senajan kedadeane pada papan lan panggonane, nanging  saben manungsa  beda anggone nanggepi kedadean iku. Ana kang nganggep biasa, ana uga kang nganggep luar biasa.
Ngrungoake cerita pengalaman, manfaat lan kegunaane yaiku bisa nambahi seurupan, ilmu lan pengetahuan senajan awake dhewe during nate ngalami apa kang diceritaake ing sajroning pengalaman.
Pengalaman mono wujude manekawerna. Ana pengalaman pribadi, ana kedadeyan kang dialami dening masyarakat/ bangsa. Kedadeyan penting kang dialami dening sawenehing bangsa kanthi bukti kang nyata dadi sejarah. Pengalaman pribadi yaiku pengalaman sing dilakoni/ dirasakake dening manungsa dhewe. Nitik saka isi ceritane, pengalaamaan ana kang wujud pengalaman kang lucu, ana uga pengalamaan kang ngayelake, gawe trenyuh lan sapanunggalaane.

Tuladha crita pengalaman
ALAT ANTI MALING DIKIRA PIN
Dina Setu malem Ahad, Naning tanggaku sing duwe anak cilik ngajak mlaku-mlaku. Tujuwane tumuju mall ing Jember. Ndilalah ing mall ana kedadeyan ngisinake sing ora bisa dilalekake. Putrane anake Naning pancen isih kelas papat SD.Dadi ya wajar yen nganti dheweke nggawe masalah. Nalika kuwi bubar blanja-blanja, Naning lan anake mulih. Lha kok saka lawang alarm muni banter ngagetake. Satpam sing tanggap langsung wae nyekel Naning lan anake. Merga satpam kuwi weruh Naning lan putrane pas metu, alarm muni.
Naning mesthi wae protes merga ora rumangsa nyolong. Lha wong barange wis dibayar ing kasir. Naning satpame tetep njaluk ijin mriksa. Merga ora ngrasa salah, pungkasane , Naning gelem bae di priksa. Ndilalah ing sake klambi putrane ana alaat anti maling. Wujude alat anti maling kuwi pancen kaya dulinan Bentuke kaya pin sing ditempelake ing klambi.
“Kok njupuk iki kenapa?” pitakone Naning marang putrane.
“kula kinten niki dolanan, Bu. Kula boten semerep,” jawabane anakke karo keweden.  Satpame wusanane maklumi. Nanging Naning isin tenan merga wis diglandhang kaya maling. Apa tumon alat anti maling dikira dolanan.
( Deny Wibisono - Ambalu – Jember )

Tidak ada komentar:

Posting Komentar