Nyritake
pengalaman kuwi bakune sing diajak crita mudeng karo apa kang dicritake. menawa
ceritane lucu melu nguyu menawa critane trenyuh yo melu sedih. Supaya mudengake
crita kudu runtut lan mbabarake kedadean kanthi apa anane, tujuane wong liya
kang ngrukokake bisa melu mbayangake kedadean kang wis kelakon ana ing critane
mau.
Crita lucu isa kedadean saka nyekseni kedadean utawa angen-angen. lucu isa uga amarga gawe guyu utawa gawe gela. lucu amarga saka bodone, ketula-tula utawa tumindake kang ndadekake guyu.
Crita lucu isa kedadean saka nyekseni kedadean utawa angen-angen. lucu isa uga amarga gawe guyu utawa gawe gela. lucu amarga saka bodone, ketula-tula utawa tumindake kang ndadekake guyu.
Manut teori
superioritas-degradasi, wong rumangsa seneng lucu yen diunggulake nanging ora
jumbuh karo kasunyatane
Manut teori bisosiasi,
tegese wong rumangsa lucu sakwise ngrumangsani ora gathuk antarane angen-angen
karo kasunyatan
Nyritakake
pengalaman kudu nduweni unsurr-unsur kaya
ü
pengalaman apa kang bakal dicritake
ü
wektu kedadean
ü
papan panggonan kedadean pengalaman iku
ü
wong-wong kang melu andil ana ing pengalaman
ü
sebab-sebab pengalaman iku kedadean
ü
kepriye pengalaman iku kedadean
Pengalaman kang kucu
ora padha karo dhagelaan. Yen pengalaamaan kang lucu iku dialami tenan dening
paragaane, tuladhane nganggo klambi kuwalik, nganggo sepatu selen lan
sapanunggalaane, Dene dhagelan kuwi di karang, digawe skenario banjur
dilaakokake. Tuladhane dhagelan kang disiaarake ing televisi yaiku Opera Van
Java.
Tuladha
cerita pengalaman lucu
Sedulur-sedulur kabeh dong
ganu nek bali sekolah sering diinterogasi wong tuwane apa ora? Biyunge nyong
ganu sih sregep banget gole takon. Durung madang durung salin klambi, wong
nembe gutul ngumah sekang sekolahan, biyunge nyong wis takon-takon.
Ditakoni soal neng sekolah
nakal karo kanca apa ora? Kurang ajar karo guru apa ora? Ngrikiti alias
nyakoti meja karo bangku apa ora? Trus nek bar ana ulangan, aku bisa apa
ora?
Nah, omong-omong soal
ulangan. Sing paling gawe getar-getir wong tuwa kan soal biji. Ning ket ganu
alhamdulillah-e aku kelebu bocah sing lumangyan neng sekolahan. Lumangyan nakal
ya lumangyan pinter. Hehehehehe…
Jaman kuliyah, nyong duwe
pengalaman lucu. Nyong duwe kanca asal kebumen tapi ngomonge kaya wong
banyumasan (soale ana wong kebumen sing pancen daerahe omongane wis nganggo
dialek kulon). Bocahe dadi cedek karo aku gara-gara anggere ngomong padha
kemlontange.
Sawijining dina, bar ana test
neng kampus, kancaku kuwe mau arep takon karo dosen soal hasil test. Masalahe
kabeh wis diumumna bijine, kecuali kancaku kae mau.
Nah, dasare bocahe sekepenake
dewek, pas takon lambene kepaduk-paduk. Bahasa Indonesiane dadi kaya kluban,
campur karo basa jawa.
“Bu… Bu… Biji saya berapa???”
Kudune nek nganggo basa
Indonesia kan “Bu.. Bu… nilai saya berapa??”. Huahahahahahahaha…. Gara-gara
kuwe kanca-kanca sekelas pada semaur : “Dua… dua!!!!!”. Hahahahahaha
Tidak ada komentar:
Posting Komentar