Rabu, 28 Maret 2012

Carane diskusi kang bener


Salah sawijine cara kanggo nggolek solusi ngrampungake masalah yaiku kanthi anane diskusi, kanthi anane dialog tuker pikiran lan wawasan, masalah kang angel bisa olih dalan solusi kanggo ngrampungi  masalah kanthi adil lan ora ngrugiake salah sijine pihak.
Proses diskusi bisa mlaku kanthi efektif bilih kabeh peserta diskusi  nyadari hakikat diskusi lan nyekel  seret prinsip-prinsip diskusi. Babagan kang wigati lank kudu diperhateake nalikane diskusi ing antarane yaiku :
1.    Diskusi minangka forum ilmiah kanggo tuker pikiran lan wawasan sajrone nggolek solusi permasalahan kang diadepi bareng-bareng. Diskusi dudu forum kanggo mbagi pengalaman ( sharing ), curhat, kepentingan ( musyawarah ) utawane ilmu ( mulang ).
2.    Sajroning diskusi kudu ana dialog intelektual lan ilmiah, ora kena emosional lan egois, sahingga bisa olih pikiran kang rasional lan obyektif.
3.    Diskusi iku forum resmi,formal lan terbuka. Mula kudu nganggo bahasa kang bisa dingerteni ing kabeh peserta diskusi.
4.    Diskusi mlaku sajroning suasana kang tertib, teratur lan terarah ndueni tujuan kang jelas, mula perlu anane intrumen diskusi ing antarane : ketua / moderator, notulis, lan tata tertib.
Diskusi dianggep urip nalika kabeh peserta melu aktif tuker pikiran ora didominasi siji utawa loro pikiran wae.
Inti saka kegiatan diskusi yaiku anane proses tuker pikiran antarane peserta siji lan sijine. Peserta diskusi dipun arep-arep bisa ngetoake pendapate tumrap masalah kang ana,selanjute pendapat iku kudu ditanggapi dening peserta liya. Akeh cara kanggo nanggapi pendapat iku,bisa kanthi nakoake maksud lan tujuane, setuju apa ora setuju, ndukung apa nolak, lan liya liyane.
Anane pendapat kang metuiku babagan positip sajroning diskusi, tambah akeh pendapat,gawe proses diskusi dadi tambah urip lan regeng lan dinamis.
Nanging senajan akeh tanggapan, iku ora dadi jaminan hasil kang apik jumbuh karo tujuane diskusi. Iku bisa kedadian nalika pendapat kang disampeake peserta iku ora jelas tujuan utawa dalile. Mula nalika diskusi,kabeh pendapat lan tanggapan kudu ndueni alas an kang tinemu akal, lan ndueni dalil. Kang paling penting, pendapat kudu disampeake kanthi  sopanlan bahasa kang becik lan efektif.

1 komentar: