Rabu, 28 Maret 2012

Geguritan


Geguritan menikasalah satunggaling wujud asiling kasusastran Jawi gagrag enggal ingkang nggadhahi cakrik mirunggan. Nanging eman sanget boten kathah tiyang mliginipun para anem ingkang nggatosaken. Kamangka, geguritan kathah ingkang ngemu suraos luhur, ingkang mekaten wau saged kawastanan sastra adiluhung. Ing ngelmu kasusastran Yunani, bab menika saged nggadhahi fungsi dulce (kaendahan) lan fungsi utile (kagunan/paedah). Satunggaling asiling kasusastran kasebut endah lan sae yen fungsi kekalih wau saged nyawiji, inggih menika endah yen kawaos lan migunani tumrap budi pekertining tiyang ingkang maos/ mirengaken.
Ingkang kedah dipungatosaken nalika maos geguritan 4 W:
1. Wicara = pocapan / lafal
2. Wirama = irama / lagu
3. Wiraga = solah / gerak, pasemon / raut muka
4. Wirasa = penjiwaan.
Katrangan :
Nalika maos geguritan , posapan kedah cetha, boten groyok, blero utawi mangu-mangu ( ragu-ragu ). Kedah saged ngucapaken aksara kanthi leres, umpaminipun mbedakaken aksara a/o; t/th; d/dh; è/ é/ ê, lsp.
Iramaning tiyang maos geguritan saged minangka pandudut (daya tarik) tiyang ingkang mirengaken. Sora utawi boten iramanipun kalarasaken kaliyan isinipun geguritan. Geguritan kanthi tema perjuwangan temtu anggenipun maos sora (banter), semangat. Beda kaliyan maos geguritan isi kesusahan, kasmaran temtunipun pamaosipun langkung alon, sareh.
Ebahing badan lan pasuryan (rai) kedah dipungatosaken kedah luwes (ora kaku) lan sampun ngantos ketingal kadamel-damel.
Wirasa kaetrepken kaliyan isining geguritan umpaminipun : nesu, gumbira, sisah, kejem, wibawa, getun, lsp.

Tuladha geguritan  :

PIWELINGE IBU
Anggitane : Drs. Wahyu ST

Ngger, diati-ati aja seneng nyenyandhung
arum endah kembang bakung
kesrimpung slendang
kesandhung gelung
kagubel kalung

Ngger, aku tansah ndonga lan ngidung
supaya kacekel anggonmu mbujung
aku tansah eling piwelinge ibu
nalika aku arep budhal sinau

Ngger, urip mono awujud laku
ombyaking donya aja kapaelu
aja kapilut gebyaring lampu
kang kairing jejogedan lan gumuyu

Ngger, urip kang prasaja
aja mung mburu barang donya
ditansah eling lan waspada
swarga ora dumunung ing kedheping netra
tansaha dedonga marang kang maha kwasa

Matur nuwun ibu
pangandikamu rumasuk ing balung sumsumku
pindha latu mangalad-alad jroning kalbu
saengga paiting bratawali ora tau keprungu
aku setya tuhu marang piwelingmu
kang putra tansah nyuwun pangestu.

1 komentar: