Atur Sepala


Nuwun.
Ingkang utama sumangga kalayan sesarengan sami atur puji syukur saha bekti sembah sumarah konjuk ing Allah SWT, Gusti ingkang hangratoni alam kabeh,  dene ing kalodhangan samangke punika kula dalasan panjenengan sadaya pinaringan kanugrahan saged pinanggih asambet cipta, amangun karsa, dalah abawa rasa  lumantar Modul Bahasa Jawa kagem kelas  X SMA Maarif Karangmoncol.
Modul punika kasusun khusus kagem mbiantu proses belajar mengajar mata pelajaran muatan lokal Bahasa Jawa ing SMA Maarif Karangmoncol, mboten dipun edaraken kagem kalangan umum.
Sedaya kritik saha saran punapa dene tutur lan wuwur uga sembur tansah panyerat antru-antru kagem nambahi sesurupaning panyerat.
Kula aturaken matur nuwun katur marang :
1.       Drs Edy Sinarno minangka Kepala Sekolah SMA Maarif Karangmoncol
2.       Khusnu Ridlo Sag minangka Waka Kurikulum
3.       Nilawati Umi Kulsum lan Mustikaning atiku Ratri Satya Ayu Ramadhani Millah kang tansah aweh dukungan morilsaha materiil
4.       Sedaya rencang dwija ing SMA Maarif Karangmoncol
5.       Siswa lan siswiku kang tansah dak tresnani
6.       Lan sedaya pihak ingkan mboten saged kula sebut satunggal satunggal.
Ing wasana ananging wigati muga muga sageda modul punika migunani tumraping pasinaaon Basa Jawa kanggo ngurip urip anane Basa Jawa kang adi luhung.
Nuwun.
Karangmoncol,  Juli 2011
Penulis.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar