Rabu, 28 Maret 2012

Naskah Film / Skenario



Yaiku cetak biru kang ditulis kanggo film utawa acara televise. Scenario bsa dikasilake saka wujud asli utawane adaptasi saka karya sastra kang wis ana.
Komponen-komonen utama sajrone scenario kasusun saka aksi lan dialog. Aksi kanggo ngatur apa wae kang dilakoake lan dialog kanggo ngatur apa wae kang diucapake dening tokoh.
Naskah film yaiku salah sawijining karya sastra kang nduweni struktur kang pada karo drama. Naskah filem uga nduwen latar, plot, penoohan lan tema.nanging bedane ora kakehen monolog kaya dene drama lan penokohan sering digambarake nganggo dialog antar tokoh sajroning naskah.
Nulis scenario yaiku salah sijine aktiftas ing tahap pra produsi sajroning proses gawe filem. Nulis scenario iku penting sebab scenario nduweni fungs kanggo kerangka  lan dadi pedoman tertulis kangg kabeh pihak kang melu gawe film, utamane sutradara.


BABAK II ( Ande – Ande Lumut )

SWASANA PADESAN/DUSUN
(para kawula alit/dhagelan padha gegojekan)
----------------pre memory-dhagelan bebas----------------
(‘gong! gong!’ juru warta teka dikawal para pengawale)
JURU WARTA : (maca/nyemak teks, bengok-bengok, lebay, lucu, diiringi kempul dening pengawale)“wara-wara! Mbok Randha Dhadhapan saka tlatah Kadipaten Arum Wana menehi pawartos kangem sedhaya kawula kang mirengake!” (para kawula padha nyedhak siji mbaka siji ora keri para klenthing uga melu )
“sayembara!! anak tunggal mbok Randha Dhadhapan yaiku jaka bagus kang aran Andhe-Andhe Lumut badhe nggelar pilih-pinilih, timbang-tinimbang wanita kagem didadosaken bojone, para kawula ingkang saguh lan mumpuni dipunantosi wanci tabuh sekawan sonten menika wonten ing ngarsa dalem Mbok Randha Dhadhapan. Dene wanita kang bakal dipundadosaken bojo gumanthung kawicaksananipun Ndara Andhe-Andhe Lumut. Mekaten pawartos saking kula, nuwun nuwun maturnuwun!”
(para punggawa lunga, para kawula padha bubar, dene Mbok Menah,
Abang, Ijo, Ungu lan Biru isih tetep ana papan mau)
K. ABANG : “mbok, aku pingin melu sayembara mau mbok!”
K. IJO, UNGU, BIRU : “aku iya mbok”
MBOK MENAH : “wis ayo gek dha siap-siap, ayao padha dandan lan milih wusana kang apik ana ing juru rias etan kana”
PARA KLENTHING : “ayo!”
(nalika padha arep budhal teka Kuning sinambi mlayu)
K. KUNING : “mbok, kula pripun?!”
(para klenthing lan mbok Menah balik)
K. UNGU : “lho, ngapa kowe nusul rene?”
K. KUNING : “aku ya pingin melu sayembara?”
PARA KLENTHING : “apa??!”
K. BIRU : “eh, mendingan kowe jaga omah wae!”
K. IJO : “Andhe-Andhe Lumut mesti ra bakal gelem karo dhapuranmu kuwi!”
K. BIRU : “yuukk, Andhe-Andhe Lumut mah gak level ame ye u kow?”
K.ABANG : “kowe apa wis nandhang gawean omah ha?!!”
K. KUNING : “dereng mbakyu Abang”
K. ABANG : “nah kuwi ateges kowe mblenjani janji!”
K. IJO : “wis untung diwenehi tumpanganan, janji arep rewang-rewang malah arep mlenjani!”
K. ABANG : “nah mbok, piye iki si Kuning arep mblenjani janji!”
MBOK MENAH : “Kuning, apa bener kowe pingin melu sayembara?”
K. KUNING : “leres mbok”
MBOK MENAH : “apa pagaweyan omah wis mbok rampungake?”
K.KUNING : “dereng mbok”
MBOK MENAH : “Kuning anakku, sepurane simbok ora bisa menehi kowe ijin meluni sayembara amarga tandang gawe kewajibanu durung mbok lakoni”
(para klenthing padha seneng lan ngguyu nyukurke Kuning)
MBOK MENAH : “nanging ya kuwi, upama kabeh pagawean mau wis mbok rampungake, kowe oleh kok melu sayembara nusul mbakyu-mbakyumu”
(para klenthing liyane protes, padha saur manuk)
K. IJO : “o iya Kuning, aja lali kowe ning omah dandanke gendheng kamarku sing bocor!”
K. ABANG : “aku mulih kudu mbok masakke iwak sing enak!”
K. UNGU : “tak tambahi! Kowe kudu nggawekne aku amben sing anyar!”
K. BIRU : “pokoke kowe ra oleh lunga sak durunge kabeh beres! Wis mbakyu ayo padha lunga, rasah nggagas cah sithok iki!”
(para klenthing banjur lunga, mbok Menah ora bisa tumindhak apa-apa, Kuning dhewe ana ing papan mau sinambi nangis)
K. KUNING : “duh Gusti, salah napa kula niki, nduweni mbakyu nanging atine ala kabeh, kula pingin sanget kepanggih kaliyan Andhe-Andhe Lumut, apa mungkin kabeh pagaweyan iki tak rampung tandhangi, Gusti, kula nyuwun pitulungan”
(kadadak teka wong tuwa sarwa putih teka marani Kuning)
K. KUNING : “mbah, panjenenganb sinten?” (wedi)
SANG HYANG : “ora usah wedi nduk, aku Sang Hyang Kandha Wana, teka amarga krungu pandongamu mau, aku bakal mbiyantu kowe nduk cah ayu” (Sang Hyang banjur ngthokake aji-aji sahingga kabeh pagaweyane Kuning rampung)
K. KUNING : “maturnuwun Hyang sampun mbiyantu kula”
SANG HYANG : “iya nduk, aku seneng mbiyantu kowe amarga atimu kang becik iku”
K. KUNING : “lajeng kula saged ndherek sayembara wonten Kadipaten Arum Wana”
SANG HYANG : “iya nduk, iki kowe tak sanguni pusaka teken sekti teken zaitun kang bira mitulungi kowe marang bebayan”
K. KUNING : “maturnuwun sanget Sang Hyang, kula badhe mangkat sakmenika, pangestunipun Hyang”
SANG HYANG : “iya nduk ati-ati, pangestumu tak tampa, Sang Hyang erep bali dhisik”(Sang Hyang lunga)
K. KUNING : “maturnuwun Hyang, atos-atos!” (Kuning lunga)



Tidak ada komentar:

Posting Komentar