Tampilkan postingan dengan label BAB III. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label BAB III. Tampilkan semua postingan

Rabu, 28 Maret 2012

Naskah Film / Skenario



Yaiku cetak biru kang ditulis kanggo film utawa acara televise. Scenario bsa dikasilake saka wujud asli utawane adaptasi saka karya sastra kang wis ana.
Komponen-komonen utama sajrone scenario kasusun saka aksi lan dialog. Aksi kanggo ngatur apa wae kang dilakoake lan dialog kanggo ngatur apa wae kang diucapake dening tokoh.
Naskah film yaiku salah sawijining karya sastra kang nduweni struktur kang pada karo drama. Naskah filem uga nduwen latar, plot, penoohan lan tema.nanging bedane ora kakehen monolog kaya dene drama lan penokohan sering digambarake nganggo dialog antar tokoh sajroning naskah.
Nulis scenario yaiku salah sijine aktiftas ing tahap pra produsi sajroning proses gawe filem. Nulis scenario iku penting sebab scenario nduweni fungs kanggo kerangka  lan dadi pedoman tertulis kangg kabeh pihak kang melu gawe film, utamane sutradara.


BABAK II ( Ande – Ande Lumut )

SWASANA PADESAN/DUSUN
(para kawula alit/dhagelan padha gegojekan)
----------------pre memory-dhagelan bebas----------------
(‘gong! gong!’ juru warta teka dikawal para pengawale)
JURU WARTA : (maca/nyemak teks, bengok-bengok, lebay, lucu, diiringi kempul dening pengawale)“wara-wara! Mbok Randha Dhadhapan saka tlatah Kadipaten Arum Wana menehi pawartos kangem sedhaya kawula kang mirengake!” (para kawula padha nyedhak siji mbaka siji ora keri para klenthing uga melu )
“sayembara!! anak tunggal mbok Randha Dhadhapan yaiku jaka bagus kang aran Andhe-Andhe Lumut badhe nggelar pilih-pinilih, timbang-tinimbang wanita kagem didadosaken bojone, para kawula ingkang saguh lan mumpuni dipunantosi wanci tabuh sekawan sonten menika wonten ing ngarsa dalem Mbok Randha Dhadhapan. Dene wanita kang bakal dipundadosaken bojo gumanthung kawicaksananipun Ndara Andhe-Andhe Lumut. Mekaten pawartos saking kula, nuwun nuwun maturnuwun!”
(para punggawa lunga, para kawula padha bubar, dene Mbok Menah,
Abang, Ijo, Ungu lan Biru isih tetep ana papan mau)
K. ABANG : “mbok, aku pingin melu sayembara mau mbok!”
K. IJO, UNGU, BIRU : “aku iya mbok”
MBOK MENAH : “wis ayo gek dha siap-siap, ayao padha dandan lan milih wusana kang apik ana ing juru rias etan kana”
PARA KLENTHING : “ayo!”
(nalika padha arep budhal teka Kuning sinambi mlayu)
K. KUNING : “mbok, kula pripun?!”
(para klenthing lan mbok Menah balik)
K. UNGU : “lho, ngapa kowe nusul rene?”
K. KUNING : “aku ya pingin melu sayembara?”
PARA KLENTHING : “apa??!”
K. BIRU : “eh, mendingan kowe jaga omah wae!”
K. IJO : “Andhe-Andhe Lumut mesti ra bakal gelem karo dhapuranmu kuwi!”
K. BIRU : “yuukk, Andhe-Andhe Lumut mah gak level ame ye u kow?”
K.ABANG : “kowe apa wis nandhang gawean omah ha?!!”
K. KUNING : “dereng mbakyu Abang”
K. ABANG : “nah kuwi ateges kowe mblenjani janji!”
K. IJO : “wis untung diwenehi tumpanganan, janji arep rewang-rewang malah arep mlenjani!”
K. ABANG : “nah mbok, piye iki si Kuning arep mblenjani janji!”
MBOK MENAH : “Kuning, apa bener kowe pingin melu sayembara?”
K. KUNING : “leres mbok”
MBOK MENAH : “apa pagaweyan omah wis mbok rampungake?”
K.KUNING : “dereng mbok”
MBOK MENAH : “Kuning anakku, sepurane simbok ora bisa menehi kowe ijin meluni sayembara amarga tandang gawe kewajibanu durung mbok lakoni”
(para klenthing padha seneng lan ngguyu nyukurke Kuning)
MBOK MENAH : “nanging ya kuwi, upama kabeh pagawean mau wis mbok rampungake, kowe oleh kok melu sayembara nusul mbakyu-mbakyumu”
(para klenthing liyane protes, padha saur manuk)
K. IJO : “o iya Kuning, aja lali kowe ning omah dandanke gendheng kamarku sing bocor!”
K. ABANG : “aku mulih kudu mbok masakke iwak sing enak!”
K. UNGU : “tak tambahi! Kowe kudu nggawekne aku amben sing anyar!”
K. BIRU : “pokoke kowe ra oleh lunga sak durunge kabeh beres! Wis mbakyu ayo padha lunga, rasah nggagas cah sithok iki!”
(para klenthing banjur lunga, mbok Menah ora bisa tumindhak apa-apa, Kuning dhewe ana ing papan mau sinambi nangis)
K. KUNING : “duh Gusti, salah napa kula niki, nduweni mbakyu nanging atine ala kabeh, kula pingin sanget kepanggih kaliyan Andhe-Andhe Lumut, apa mungkin kabeh pagaweyan iki tak rampung tandhangi, Gusti, kula nyuwun pitulungan”
(kadadak teka wong tuwa sarwa putih teka marani Kuning)
K. KUNING : “mbah, panjenenganb sinten?” (wedi)
SANG HYANG : “ora usah wedi nduk, aku Sang Hyang Kandha Wana, teka amarga krungu pandongamu mau, aku bakal mbiyantu kowe nduk cah ayu” (Sang Hyang banjur ngthokake aji-aji sahingga kabeh pagaweyane Kuning rampung)
K. KUNING : “maturnuwun Hyang sampun mbiyantu kula”
SANG HYANG : “iya nduk, aku seneng mbiyantu kowe amarga atimu kang becik iku”
K. KUNING : “lajeng kula saged ndherek sayembara wonten Kadipaten Arum Wana”
SANG HYANG : “iya nduk, iki kowe tak sanguni pusaka teken sekti teken zaitun kang bira mitulungi kowe marang bebayan”
K. KUNING : “maturnuwun sanget Sang Hyang, kula badhe mangkat sakmenika, pangestunipun Hyang”
SANG HYANG : “iya nduk ati-ati, pangestumu tak tampa, Sang Hyang erep bali dhisik”(Sang Hyang lunga)
K. KUNING : “maturnuwun Hyang, atos-atos!” (Kuning lunga)



Drama


Drama (Yunani Kuna: δρμα) iku siji wangun karya sastra sing nduwèni bagéan kanggo diperanaké déning aktor. Kosakata iki asal saka Basa Yunani sing maknané "aksi", "tumindak".
Drama bisa diwujudaké mawa manéka medhia: ing dhuwur panggung, film, lan utawa televisi. Drama uga kadhangkala dikombinasi karo musik lan tari, kayadéné jroning sawiji opera (pirsani melodrama).
Drama ing Indonesia
Ing Indonesia, tontonan sajinis drama nduwèni istilah sing werna-werna, kayata: Wayang wong, kethoprak, ludruk (ing Jawa Tengah lan Jawa Wétan), lenong (Betawi), randai (minang), reog (Jawa Kulon), rangda (Bali) lan sapanunggalané.
Unsur-unsur drama
1.       Naskah drama/ Drama Script
2.       Pemain (aktris utawa Aktor)
3.       Papan tontonan (teater)
4.       Penonton

Nyemak Filem


Filem utawa sering uga kesebut sinema, yaiku crita kang disuguhake kanthi sarana gambar urip kasile saka rekaman kamera.
Sejarah  filem iku pada tuane karo ditemoake perangkat fotografi, sejarah gambar owah kang pertama metu ing dunya dudu ing Hollywood, nanging lar saka pitakonan sepele : apa sikil jaran iku ana ing posisi mlayang ing wektu bebarengan nalika jaran mlayu ? Pitakonan iki di jawad dening  Eadweard Muybridge saka Stanford University kang gawe 16 gambar jaran kang mlayu. Kedadean iki ana ing taun 1878. Saka 16 gambar iku disambung lan diowahake kanthi urutan lan ngasilake gambar gerak pertama ing dunya.
Ing tahun 1888 nembe metu fiem pertama ing dunya lan dikenal kanthi jeneng  Roundhay Garden Scene kang di'sutradarai' dening Louis Le Prince saka  Prancis. Filem iki mung nduweni durasi 2 detik, lan nggambarake keluarga Le Prince  lagi dolanan ing taman. Ing tahun 1889, Amerika Serikat nembe gawe filem pertamane kang nduwe judul Monkeyshines No. 1.
Filem iku wujude uga bisa animasi.

 Video Eadweard Muybridge


Video  Roundhay Garden Scene


Video Monkeyshines No 1. 

Parikan


Parikan iku unèn-unèn kang dumadi seka rong (2) ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigatèn, kang kapindho minangka isi. Parikan iki kaya pantun nanging mung rong larik. Parikan migunaake purwakanthi swara
Kang diarani parikan
Yaiku unen-unen mawa paugeran telung warna yaiku :
1.         kadedan saka rong ukara kang dhapukake nganggo purwakanthi guru swara
2.         saben saukara kadedan saka rong gatra
3.         ukara kapisan mung minangka purwaka; déné isi utawa wosé dumunung ing ukara kapindho.

Tuladha:
Tawon madu, ngisep sekar. (Ukuran kapisan, 2 gatra).
Calon Guru, kudu sabar (ukuran Kapindho, 2 gatra).

Gunane purwaka (ukuran kapisan) mung dianggo narik kawigatene wong kang nedya sikandhani utawa dipituturi, Perlune, supaya ing sadurunge ukara kang isi utawa “wose” dikandhakake, wong sing nedya dikandhani wis ketarik atine, satemah banjur nggatekake, bisa ngerti temenan marang maksude ukuran kang isi “ngese” (ukara kapindho).
Manut ( cacahing) wandane, parikan iku kena diperangi dadi telu, yaiku:
1.       Parikan kan dadadean saka (4 wanda + 4 Wanda) X 2
Tuladha
Iwak bandheng, durung wayu (4 wanda + 4 Wanda)
Priya Ngganteng, sugih ngelmu (4 wanda + 4 Wanda
2.       Parikan kan dadean saka (4 wanda + 8 Wanda) X 2
Tuladha
Kembang adas, sumebar tengahing alas (4 wanda + 8 Wanda).
Tuwas tiwas, nglabuhi wong ora waras. (4 wanda + 8 wanda)
3.       Parikan kang kadadean saka (8 wanda + 8 Wanda) X 2
Tuladha
Enting-enting gula jawa, sabungkus isine sanga
Ingatase para siswa, wajib seneng nggubah basa.

Parikan sing kadadean saka (8 wanda + 8 wanda) X 2
Parikan sing kadadean saka (8 wanda + 8 wanda) X 2, saweneh ana sing ngarani parikan patang pada. Iku keliru, sebab tembung “pada” iku tumprap reriptan kanggone mung ana ing tembang. Dene yen tembung “pada” iku sing dikarepake kudu mung ora ukara, siji-sijining ukura kadadean saka 2 gatra: dadi kabeh ana 4 gatra Wondene carane nulis 4 gatra iku, kena bae didadekake 4 larik.
Tuladha kasebut kena katulis mangkane
Enting-enting gula jawa
Sabungkus isine sanga
Ingatase para siswa
Wajib seneng nggubah basa

Parikan sing dianggo nggérongi lelagoning gendhing
Ing parikan iki dhapukaning ukara mesthi bae ora bisa tansah nglungguhi paungeran, sebab cacahing wandane kawengku ing laguning gendhing.
Tuladha
Lelagon Parikan (Slendro Patet 9)
Cengkir Wungu, wungune ketiban daru (Dhu Ibu)
Calon guru, kudu sabar momot mengku (Pm)
Katrangan Perangan sing dikurung, yaiku (Dhu Ibu), iku wuwuhan, kanggo senggakan.

Suwe Ora Jamu. Pelog Pathet 6
Suwe ora jamu, jamu godhong kencur
Suwe ra ketemu, temu pisan maju mundur.

Carane ngarang parikan
Sing dikarang luwih dhisik ukara kapindho, yaiku sing isi “ngese” utawa “Wose”. Ukarane kadedean saka 4 wanda + 4 Wanda, utawa 4 wanda + 8 wanda + 8 wanda.Sawise rampung pangarange ukara kapidho, banjur ngarang ukara kapisan, yaiku ukara kang mung dianggo purwaka. Kehing wandane pada karo ukara kapindho, lan dhapukane kudu mujudake purwakanthi guru swara karo ukara sing kapindho.
Klebu rerengganing basa
Parikan klebu rerengganing basa, sebab basa sing mawa parikan iku agawe senenge wong sing maca utawa sing ngrungokake. Guneman mawa parikan bosa njalari rame nengsemake. Gendhing digerongi nganggo sakepan kang mawa parikan, bisa marakake saya gayeng.

Tuladha parikan warna telu
1.       Parikan (4 wanda + 4 wanda) X 2
Wajik Kletik, gula jawa
Luwih becik, sing prasaja
Nang jeruk, jambu nanas
Rada watuk, ngelu panas
Wedang bubuk, tanpa gula
Aja ngamuk, enggal tuwa
wedang bubuk, tanpa gula Aja ngamuk, enggal tuwa
2.       Parikan (4 wanda + 8 wanda) X 2
Kembang aren, sumber tepining kalen
Aja dahwen, yen kowe pepengen kajen
Kembang kencur, ganda sedhep sandhing sumur
Kudu jujur, yen kowe kepengin luhur
Kembang menur, den sebar den awur-awur
Bareng makmur, banjur lali mring sadulur
3.       Parikan (8 wanda + 8 wanda) X 2
Gawe cao nangka sabrang, kurang setrup luwih banyu
Aja awatak gumampang, ingatase calon guru
Sega punar lawuh empal, segane pengenten anyar
Dadi murid aja nakal, kudu ulah ati sabar
Jangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gula
Piwelingku mring muda, aja wedi ing rekasa.
Purwakanthi parikan bisa digawe mawa petungan kang adhedhasar petungan wanda (suku kata).
1.       4 wanda - 4 wanda
wajik klethik, gula jawa
luwih becik wong prasaja

jemek-jemek gula jowo
aja ngenyek padha kanca

manuk emprit menclok pager
dadi murid kudu pinter

2.       4 wanda - 8 wanda
tawon madu, ngisep sari kembang jambu
aja nesu yen dituduaaké luputmu

kembang menur, den sebar den awur-awur
bareng makmur, banjur lali mring sedulur

manuk emprit, nggawa kawat ing wit waru
dadi murid, kudu hurmat marang guru

ana baya, mangan roti karo kanca
pengin mulya, aja wedi ing rekasa

3.       8 wanda - 8 wanda
kayu urip ora ngepang, ijo-ijo godhong jati
uwong urip ora gampang, mula padha ngati-ati

Nyemak Wara-wara


Wara-wara iku pocapan utawa tulisan sing isi pepènget utawa awèh weruh arupa pangumuman marang wong akèh. Wara-wara biasané dikarepaké kanggo mènèhi weruh bab kahanan sing wigati, nanging uga bisa kanggo iklan utawa golèk tenaga kanggo nyambut gawé.
Perangane Wara-Wara
1.       Judul/Irah-irahan
2.       Adangiyah/salam taklim
3.       Bebuka/Pambuka
4.       Surasa Basa/ Isi
5.       Wasana Basa/ Panutup
6.       Panggenan lan titi mangsa
7.       Peprenah/jabatan
8.       Tapak Asma
9.       Asma Terang

Tuladha wara-wara

WARA-WARA
Siswa kelas X, XI, lan XII SMA Ma’arif Karangmoncol kang tansah daktresnani,
Sesambetan kaliyan pengetan dinten Pindhidhikan Nasional, pramila para siswa kelas X, XI, lan XII supados nyiagaken kelasipun piyambak-piyambak kangge lomba karesikan tuwin kaendahaning kelas.

Awit saking punika, benjing
dinten         :               Setu Legi,
surya            :               27 Mei 2010
para siswa supados mbekta pirantos kangge gotong-royong damel asri kelasipun piyambak-piyambak.

Mekaten, wara-wara punika. Sageda dipun leksanakaken kanthi saestu.

Karangmoncol, 22 Mei 2010
Waka Kesiswaan,



Nurudin Hamid, S.Pd