Mapati
Ngupat utawa ngupati iku salahsijining upacara adat sing
diselenggara'ake wektu calon ibu mbobot 4 sasi. Tembung
"ngupat" asale saka tembung papat (4) utawa kupat. Tujuane upacara
adat iki kanggo keslametan calon bayi lan ibune utawa kanggo sing sifate tolak bala dadi padha karo upacara adat mitoni. Sing radha bedha
karo upacara adat mètèng liyane yaiku ana sajian kupat neng kendhuren
ngupati, kupat iki uga diserta'ake neng besek sing digawa bali undangan sing hadir. Ngupat
sejatine kanggo pralambang yen jabang bayi wis mlebu neng
tahap kaping papat neng proses penciptaan menungsa. Upacara adat ngupat kudhu
diselenggara'ake neng dina sing
apik miturut etungan dina Jawa.
Ngliman
Ngliman
iku salahsijining upacara adat wètèngan sing diselenggara'ake wektu calon
ibu mbobot 5 wulan. Tembung
"ngliman" asale saka tembung lima (5). Tujuane upacara adat iki padha karo ngupatan yaiku upacara kanggo keslametan
calon bayi lan ibune utawa kanggo sing sifate tolak bala.
Upacara adat ngliman iki kurang dikenal
neng dhaerah-dhaerah tinentu, bedha karo mitoni sing wis
umum dikenal masyarakat Jawa
malah uga dikenal neng masyarakat Nusantara.
Mitoni
Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki diselenggarakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi, tujuane kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sifaté tolak bala. Ing dhaérah tinentu, upacara iki uga diarani tingkeban.Makna
Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwé raga sing sampurna. Dadi miturut pengertian wong Jawa, wêtêngan umur 7 sasi iki proses penciptaan menungsa iku wis nyata lan sempurna neng sasi kaping 7 iki utawa Sapta Kawasa Jati.Rangkaian acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati, urut-urutane yaiku siraman, nglebo'ake endhog pitik kampung neng jero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebo'ake kelapa gading enom), memutus lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan terakhir kendhuren. Acara siraman mung diselenggara'ake kanggo mitoni anak pertama.Miturut adat Jawa mitoni iku kudhu diselenggara'ake neng dina sing bener-bener apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuah awan nganti mbengi.Rangkeyan acara
Rangkaian acara kanggo upacara mitoni iki luwih akèh tinimbang upacara ngupati, urut-urutané yaiku siraman, nglebokaké endhog pitik kampung ing jero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokaké cengkir klapa gadling), medhot lawé utawa lilitan benang (janur), mecahaké wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasan kendhurèn.Acara siraman mung diselenggarakaké kanggo mitoni anak pisanan.
Tedhak sitèn
Tedhak sitèn utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 wulan. Upacara iki ing dhaérah liya ing Nuswantara uga ana, contoné sing diarani upacara injak tanah ing dhaérah Jakarta déning suku Betawi utawa uga ana sing ngarani mudhun lemah.Tedhak sitèn iku asalé saka tembung tedhak utawa idhak lan sitèn (saka tembung siti) utawa lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang bocah sing siap-siap njalani urip liwat tuntunan wong tuwa lan diselenggarakaké yèn umur bocah wis 7 selapan utawa 245 dina (7 x 35 = 245).
Urutan prosesi
- Tedhak sega pitung warna
- Mudhun tangga tebu
- Ceker-ceker
- Kurungan
- Sebar udik-udik
- Siraman
Puputan
Puputan utawa pupak puser, iku sejatiné nduwé makna tali puser bayi puput. Dadi upacara iki dianakaké wektu utawa bubar puputé tali puser saka udhel bayi.Slametan
Biasané ana acara slametan ing upacara puputan iki, acarané yaiku kendhuren, bancakan lan awèh jeneng bayi. Upacara iki apik yèn diselenggara'ake bubar wektu maghrib.Puputan bayi digolongke dadi 2, yaiku: 1. golongan bangsawan/kerajaan: Sega gudanga, jenang abang putih, 5 werna bubur, lan jajan pasar. 2. golongan rakyat biasa: Sega jangan, jenang abang putih, jenang boro-boro, lan jajan pasar.
Mendhem ari-ari
Mendhem ari-ari iku salah sijining upacara kelairan sing umum diselenggara'ake malah uga ana neng dhaerah-dhaerah (suku-suku) liya. Ari-ari iku bagian penghubung antara ibu lan bayi wektu bayi esih neng jero rahim. Istilah liya kanggo ari-ari yaiku: aruman utawa embing-embing (mbingmbing.Ing Jawa ana kapercayaan seulur papat, kakang kawah adhi ari-ari, ibu bumi, bapa angkasa. Wong Jawa percaya yen ari-ari iku sejatine salah siji sedulur papat utawa sedulur kembar si bayi mulane ari-ari kudhu dirawat lan dijaga misale enggon kanggo mendhem ari-ari iku diwei lampu (umume senthir) kanggo penerangan, iki dadi simbol "pepadhang" kanggo bayi. Senthir iki dinyala'ake nganti 35 dina (selapan).
Tata cara
Ari-ari dikumbah nganti resik dilebo'ake neng kendhi utawa bathok kelapa. Sedurung ari-ari dilebo'ake, alas kendhi diwei godhong senthe banjur kendhine ditutup nganggo lemper sing esih anyar lan dibungkus kain mori. Kendhi banjur digendhong, dipayungi, digawa neng lokasi penguburan. Lokasi penguburan kendhi kudhu neng sisi tengen pintu utama umah.Sing mendhem kendhi kudhu bapak kandung bayi.
Brokohan
Brokohan iku salahsijining upacara adat Jawa kanggo nyambut kelairan bayi. Upacara adat iki nduwe makna ungkapan syukur lan sukacita amarga proses klairan iku slamet.Brokohan iku asal tembunge saka basa Arab yaiku "barokah" sing maknane ngarepake berkah.
Tujuan
Upacara brokohan tujuane kanggo keslametan proses kelairan uga perlindungan kanggo bayi lan kanggo harapan bayi sing lair isa dadi bocah sing apik perilakune.Rangkeyan upacara
Upacara diwiwiti saka mendhem ari-ari sing dilanjutake bagi-bagi sesajen brokohan kanggo sedulur lan tangga.
Sepasaran
Sepasaran
iku salah sijining upacara adat Jawa wektu umur bayi 5 dina. Upacara adat iki
umume diselenggaraake sederhana ning yen bebarengan karo aweh jeneng bayi,
upacara iki diselenggaraake radha meriah.
Tembung sepasaran dhewe asale sake tembung sepasar.
Tembung sepasaran dhewe asale sake tembung sepasar.
Sepasaran umum diselenggaraake sore
nganggo acara kenduren
lan ngundang sedulur uga tangga umah. Suguhan sing disajiake umume wedang lan jajan pasar ning uga ana besek sing umum kanggo ditentengan mulih.
Aqeqah
Aqeqah
meniko nggih budoyo saking basa Arab, artinipun aqeqah piyambak meniko
gadah arti rambut ingkang wonten kepalanipun bayi ingkang nembe lahir, lan
aqeqah saged diartiken pemotongan. Aqeqah meniko piyambak menurut syariah Islam nggih memotong domba
kange bayi ingkang nembe lahir. Kangge bayi ingkang putro dipotongaken mendho
kalih, manawi dingge bayi putri dipotongaken mendho setunggal. Aqeqah meniko
diagem kangge syukranipun putra-putri nipun piyambak.
Sumber : http://jv.wikipedia.org/wiki/Kategori:Upacara_adat_Jawa
Tidak ada komentar:
Posting Komentar