Jumat, 13 April 2012

Ranggawarsita

Raden Ngabehi Ranggawarsita (Surakarta, 14 Maret 1802 - Surakarta, 24 Desember 1873), kuwi pujangga pinunjul budaya Jawa. Panjenengané asal saka kulawarga pujangga kraton Surakarta kang misuwur, yaiku kulawarga Yasadipura. Lair kanthi asma Bagus Burhan, dina Senin Legi, tanggal 10 jam 12 awan, wulan Dulkaidah, taun Be 1728, putra pambarep saka Mas Ngabehi Ranggawarsita (luwih dikenal minangka Pajangswara / Pajangsora), abdi dalem Panewu Carik Kadipatèn Anom. Ibu Raden Ngabehi Rnggawarsita yakuwi Nimas Ajeng Ranggawarsita, putri saka Mas Ngabehi Suradirja Gantang kang wasis banget tembang macapat gaya palaran. Sawisé disapih Bagus Burhan banjur diasuh déning Empu Tanujaya. Kauripan pujangga Ranggwarsita ana ing lingkungan kraton Jawa kang kebak konsèp logika, ètika, lan èstètika.  
Mangsa cilikan
Sawisé umur 12 taun, Bagus Burhan kang durung bisa maca Kitab Al Qur'an, banjur dikirim menyang Panaraga saperlu meguru ngaji marang Kanjeng Kyai Imam Besari ing Gebang Tinatar. Nanging dhasar bocah nakal lan ugungan, wis luwih saka setaun ngaji, Bagus Burhan durung khatam Al Qur'an, aja manèh Al Qur'an, turutan waé uga durung khatam. Sidané, déning pengasuhé yakuwi Ki Tanujaya, Bagus Burhan diajak ngumbara, lunga menyang tlatah Kedhiri, nanging pungkasané bali manèh menyang pesantrèn ing Panaraga. Sawisé disrengèni déning Kanjeng Kyai lan dilulu yèn kepingin dadi warok Kanjeng Kyai uga sanggup dadi perantara, Bagus Burhan ngrasa isin banget banjur nangis lan wiwit sadhar dhiri. Amarga isin mulih menyang Surakarta yèn ora ènggal bisa ngaji, Bagus Burhan banjur nglakoni tirakat, yakuwi kanthi ngrendhem ing Kali Watu jroning patangpuluh dina, lan sedina mung mangan gedhang watu mentah siji. Sawisé tirakat patangpuluh dina suwéné, Bagus Burhan banjur éntuk kanugrahan dadi bisa lancar ngaji, malah diangkat dadi kapercayan Kanjeng Kyai Imam Besari.  
Maguru marang Panembahan Buminata
Sawisé bali saka Panaraga, Bagus Burhan banjur dipasrahaké supaya ngabdi marang Gusti Panembahan ing Buminatan. Jroning ngabdi mau Bagus Burhan bisa mranani penggalihé Gusti Panembahan saéngga dianugerahi "pusaka" amanat saka Sri Baginda Pakubuwana III, yakuwi arupa kasektèn kanggo nulak kang duwé niat jahat. Saliyané kuwi uga dianugerahi èlmu kendhali kakuatan jasmani lan rohani sarta kalantipan pancaindra. Pungkasané ing dina Senèn Pahing tanggal 4 Sapar taun Alip 1747 utawa kanthi candra taun Amuji suci pandhitaning ratu, Bagus Burhan bisa diangkat dadi juru tulis Kadipatèn kanthi asma Ranggapujanganom.  
Ngumbara
Kanggo njerokaké èlmu lan kawruh, Bagus Burhan utawa Mas Rangga Pujanganom, banjur lunga meguru menyang padhépokan Kyai Ajar Sidalaku ing Tabanan, Bali. Ing padhèpokan iki Mas Ranggapujanganom diisi èlmu pandeleng batin. Miturut Kyai Ajar, yèn èlmu kuwi dipatrapaké bakal bisa ngerti bab kang durung dumadi, lan Mas Rangga Pujanganom bakal dadi sumber èlmu kawruh lan èlmu kawicaksanan saéngga bakal dadi pandhita utawa pujangga negara. Mas Rangga Pujanganom uga diwedhar naskah-naskah Jawa kuna kang katulis ing rontal utawa kertas kayu, yakuwi naskah kang digubah déning para empu, antara liya naskah Ramadéwa, Bimasuci, Baratayuda, Darmasarana, Aji pamasa lan sapanunggalané. Naskah-naskah mau isih tinulis jroning Sekar Ageng, nanging Kyai Ajar bisa mesthèkaké yèn Mas Ranggoyeda Pujanganom bakal bisa njarwakaké jroning basa Jawa kang bisa dimangertèni déning wong akèh.mboten ngertos kulo nyuwon penggalih ipun sedoyo  
Karya sastra
Karya sastra kang kawentar antara liya:
  1. Serat Pustaka Raja Purwa 
  2. Serat Sabdatama 
  3. Serat Kalatidha 
  4. Serat Sabda Jati 
  5. Serat Wirid Hidayat Jati 
  6. Serat Jaka Lodhang 
  7. Serat Wedharaga 
  8. Serat Mayangkara 
  9. Serat Ajidharma- Ajinirmala 
 sumber:http://jv.wikipedia.org/wiki/Ranggawarsita

Tidak ada komentar:

Posting Komentar