Jumat, 13 April 2012

Jayabaya

Maharaja Jayabhaya yaiku aja Kediri ing antarane taun 1135-1157. Jeneng lengkape yaiku Sri Maharaja Sang Mapanji Jayabhaya Sri Warmeswara Madhusudana Awataranindita Suhtrisingha Parakrama Uttunggadewa. Ing Jaman iku Kediri dianggep ana ing mansa jaya-jayane kerajaan Kediri. Tinggalane yaiku ing antarane arupa prasasti Hantang (1135), prasasti Talan (1136), dan prasasti Jepun (1144), lan Kakawin Bharatayuddha (1157). Wonten ing prasasti Hantang utawa Ngantang, ana semboyan Panjalu Jayati, kang artine kurang lewih Kediri Menang. Prasasti punika awujud pengedsahan anugrah kanggo penduduk desa Ngantang kang setya marang Kediri salawase perang Jenggala. Saka prasasti iku bisa dingerteni bilih Jayabhaya iku Raja kang bisa ngalahaken Jenggala lan ndadeaken Jenggala lan Kediri dadi siji. Permaisurine Jayabaya jenenge Dewi Sara. Saka perkawinan iku lair : Jayaamijaya, Dewi Pramesti, Dewi Pramuni, dan Dewi Sasanti. Jayaamijaya nurunaken raja-raja tanah Jawa, tekan Majapahit lan Mataram Islam. Pramesti nikah kalian Astradarma raja Yawastina, nglairake Anglingdarma raja Malawapati. Jangka jayabaya Jangka Jayabaya utawa Jangka Jayabaya iku ramalan ing tradhisi Jawa sing dipercaya ditulis déning Jayabaya, raja Karajan Kadhiri. Ramalan iki dikenal umumé dikenal ing kalangan masyarakat Jawa. Ramalan 1. Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran 2. Tanah Jawa kalungan wesi 3. Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang 4. Kali ilang kedhunge 5. Pasar ilang kumandhang 6. Iku tandha yen tekane zaman Jayabaya wis cedhak 7. Bumi saya suwe saya mengkeret 8. Sekilan bumi dipajeki 9. Jaran doyan mangan sambel 10. Wong wadon nganggo pakeyan lanang 11. Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking zaman 12. Akeh janji ora ditetepi 13. Akeh wong wani nglanggar sumpahe dhewe • Manungsa padha seneng nyalah 14. Ora ngendahake hukum Allah 15. Barang jahat diangkat-angkat 16. Barang suci dibenci 17. Akeh manungsa mung ngutamakke dhuwit 18. Lali kamanungsan 19. Lali kabecikan 20. Lali sanak lali kadang 21. Akeh bapa lali anak 22. Akeh anak wani nglawan ibu 23. Nantang bapa 24. Sedulur padha cidra 25. Kulawarga padha curiga 26. Kanca dadi mungsuh 27. Akeh manungsa lali asale 28. Ukuman Ratu ora adil 29. Akeh pangkat sing jahat lan ganjil 30. Akeh kelakuan sing ganjil 31. Wong apik-apik padha kapencil 32. Akeh wong nyambut gawe apik-apik padha krasa isin 33. Luwih utama ngapusi 34. Wegah nyambut gawe 35. Kepingin urip mewah 36. Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka 37. Wong bener thenger-thenger 38. Wong salah bungah 39. Wong apik ditampik-tampik 40. Wong jahat munggah pangkat 41. Wong agung kasinggung 42. Wong ala kapuja 43. Wong wadon ilang kawirangane 44. Wong lanang ilang kaprawirane 45. Akeh wong lanang ora duwe bojo 46. Akeh wong wadon ora setya marang bojone 47. Akeh ibu padha ngedol anake 48. Akeh wong wadon ngedol awake 49. Akeh wong ijol bebojo 50. Wong wadon nunggang jaran 51. Wong lanang linggih plangki 52. Randha seuang loro 53. Prawan seaga lima 54. Dhudha pincang laku sembilan uang 55. Akeh wong ngedol ngelmu 56. Akeh wong ngaku-aku 57. Njabane putih njerone dhadhu 58. Ngakune suci, nanging sucine palsu 59. Akeh bujuk akeh lojo 60. Akeh udan salah mangsa 61. Akeh prawan tuwa 62. Akeh randha nglairake anak 63. Akeh jabang bayi lahir nggoleki bapakne 64. Agama akeh sing nantang 65. Prikamanungsan saya ilang 66. Omah suci dibenci 67. Omah ala saya dipuja 68. Wong wadon lacur ing ngendi-endi 69. Akeh laknat 70. Akeh pengkianat 71. Anak mangan bapak 72. Sedulur mangan sedulur 73. Kanca dadi mungsuh 74. Guru disatru 75. Tangga padha curiga 76. Kana-kene saya angkara murka 77. Sing weruh kebubuhan 78. Sing ora weruh ketutuh 79. Besuk yen ana peperangan 80. Teka saka wetan, kulon, kidul lan lor 81. Akeh wong becik saya sengsara 82. Wong jahat saya seneng 83. Wektu iku akeh dhandhang diunekake kuntul 84. Wong salah dianggep bener 85. Pengkhianat nikmat 86. Durjana saya sempurna 87. Wong jahat munggah pangkat 88. Wong lugu kebelenggu 89. Wong mulya dikunjara 90. Sing curang garang 91. Sing jujur kojur 92. Pedagang akeh sing keplarang 93. Wong main akeh sing ndadi 94. Akeh barang haram 95. Akeh anak haram 96. Wong wadon nglamar wong lanang 97. Wong lanang ngasorake drajate dhewe 98. Akeh barang-barang mlebu luang 99. Akeh wong kaliren lan wuda 100. Wong tuku ngglenik sing dodol 101. Sing dodol akal okol 102. Wong golek pangan kaya gabah diinteri 103. Sing kebat kliwat 104. Sing telah sambat 105. Sing gedhe kesasar 106. Sing cilik kepleset 107. Sing anggak ketunggak 108. Sing wedi mati 109. Sing nekat mbrekat 110. Sing jerih ketindhih 111. Sing ngawur makmur 112. Sing ngati-ati ngrintih 113. Sing ngedan keduman 114. Sing waras nggagas 115. Wong tani ditaleni 116. Wong dora ura-ura 117. Ratu ora netepi janji, musna panguwasane 118. Bupati dadi rakyat 119. Wong cilik dadi priyayi 120. Sing mendele dadi gedhe 121. Sing jujur kojur 122. Akeh omah ing ndhuwur jaran 123. Wong mangan wong 124. Anak lali bapak 125. Wong tuwa lali tuwane 126. Pedagang adol barang saya laris 127. Bandhane saya ludhes 128. Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan 129. Akeh wong nyekel bandha nanging uripe sangsara 130. Sing edan bisa dandan 131. Sing bengkong bisa nggalang gedhong 132. Wong waras lan adil uripe nggrantes lan kepencil 133. Ana peperangan ing njero 134. Timbul amarga para pangkat akeh sing padha salah paham 135. Durjana saya ngambra-ambra 136. Penjahat saya tambah 137. Wong apik saya sengsara 138. Akeh wong mati jalaran saka peperangan 139. Kebingungan lan kobongan 140. Wong bener saya thenger-thenger 141. Wong salah saya bungah-bungah 142. Akeh bandha musna ora karuan lungane Akeh pangkat lan drajat pada minggat ora karuan sababe 143. Akeh barang-barang haram, akeh bocah haram 144. Bejane sing lali, bejane sing eling 145. Nanging sauntung-untunge sing lali 146. Isih untung sing waspada 147. Angkara murka saya ndadi 148. Kana-kene saya bingung 149. Pedagang akeh alangane 150. Akeh buruh nantang juragan 151. Juragan dadi umpan 152. Sing suwarane seru oleh pengaruh 153. Wong pinter diingar-ingar 154. Wong ala diuja 155. Wong ngerti mangan ati 156. Bandha dadi memala 157. Pangkat dadi pemikat 158. Sing sawenang-wenang rumangsa menang 159. Sing ngalah rumangsa kabeh salah 160. Ana Bupati saka wong sing asor imane 161. Patihe kepala judhi 162. Wong sing atine suci dibenci 163. Wong sing jahat lan pinter jilat saya derajat 164. Pemerasan saya ndadra 165. Maling lungguh wetenge mblenduk 166. Pitik angrem saduwure pikulan 167. Maling wani nantang sing duwe omah 168. Begal pada ndhugal 169. Rampok padha keplok-keplok 170. Wong momong mitenah sing diemong 171. Wong jaga nyolong sing dijaga 172. Wong njamin njaluk dijamin 173. Akeh wong mendem donga 174. Kana-kene rebutan unggul 175. Angkara murka ngombro-ombro 176. Agama ditantang 177. Akeh wong angkara murka 178. Nggedhekake duraka 179. Ukum agama dilanggar 180. Prikamanungsan di-iles-iles 181. Kasusilan ditinggal 182. Akeh wong edan, jahat lan kelangan akal budi 183. Wong cilik akeh sing kepencil 184. Amarga dadi korbane si jahat sing jajil 185. Banjur ana Ratu duwe pengaruh lan duwe prajurit 186. Lan duwe prajurit 187. Negarane ambane saprawolon 188. Tukang mangan suap saya ndadra 189. Wong jahat ditampa 190. Wong suci dibenci 191. Timah dianggep perak 192. Emas diarani tembaga 193. Dandang dikandakake kuntul 194. Wong dosa sentosa 195. Wong cilik disalahake 196. Wong nganggur kesungkur 197. Wong sregep krungkep 198. Wong nyengit kesengit 199. Buruh mangluh 200. Wong sugih krasa wedi 201. Wong wedi dadi priyayi 202. Senenge wong jahat 203. Susahe wong cilik 204. Akeh wong dakwa dinakwa 205. Tindake manungsa saya kuciwa 206. Ratu karo Ratu pada rembugan negara endi sing dipilih lan disenengi 207. Wong Jawa kari separo 208. Landa-Cina kari sejodho 209. Akeh wong ijir, akeh wong cethil 210. Sing eman ora keduman 211. Sing keduman ora eman 212. Akeh wong mbambung 213. Akeh wong limbung 214. Selot-selote mbesuk wolak-waliking zaman teka

Ranggawarsita

Raden Ngabehi Ranggawarsita (Surakarta, 14 Maret 1802 - Surakarta, 24 Desember 1873), kuwi pujangga pinunjul budaya Jawa. Panjenengané asal saka kulawarga pujangga kraton Surakarta kang misuwur, yaiku kulawarga Yasadipura. Lair kanthi asma Bagus Burhan, dina Senin Legi, tanggal 10 jam 12 awan, wulan Dulkaidah, taun Be 1728, putra pambarep saka Mas Ngabehi Ranggawarsita (luwih dikenal minangka Pajangswara / Pajangsora), abdi dalem Panewu Carik Kadipatèn Anom. Ibu Raden Ngabehi Rnggawarsita yakuwi Nimas Ajeng Ranggawarsita, putri saka Mas Ngabehi Suradirja Gantang kang wasis banget tembang macapat gaya palaran. Sawisé disapih Bagus Burhan banjur diasuh déning Empu Tanujaya. Kauripan pujangga Ranggwarsita ana ing lingkungan kraton Jawa kang kebak konsèp logika, ètika, lan èstètika.  
Mangsa cilikan
Sawisé umur 12 taun, Bagus Burhan kang durung bisa maca Kitab Al Qur'an, banjur dikirim menyang Panaraga saperlu meguru ngaji marang Kanjeng Kyai Imam Besari ing Gebang Tinatar. Nanging dhasar bocah nakal lan ugungan, wis luwih saka setaun ngaji, Bagus Burhan durung khatam Al Qur'an, aja manèh Al Qur'an, turutan waé uga durung khatam. Sidané, déning pengasuhé yakuwi Ki Tanujaya, Bagus Burhan diajak ngumbara, lunga menyang tlatah Kedhiri, nanging pungkasané bali manèh menyang pesantrèn ing Panaraga. Sawisé disrengèni déning Kanjeng Kyai lan dilulu yèn kepingin dadi warok Kanjeng Kyai uga sanggup dadi perantara, Bagus Burhan ngrasa isin banget banjur nangis lan wiwit sadhar dhiri. Amarga isin mulih menyang Surakarta yèn ora ènggal bisa ngaji, Bagus Burhan banjur nglakoni tirakat, yakuwi kanthi ngrendhem ing Kali Watu jroning patangpuluh dina, lan sedina mung mangan gedhang watu mentah siji. Sawisé tirakat patangpuluh dina suwéné, Bagus Burhan banjur éntuk kanugrahan dadi bisa lancar ngaji, malah diangkat dadi kapercayan Kanjeng Kyai Imam Besari.  
Maguru marang Panembahan Buminata
Sawisé bali saka Panaraga, Bagus Burhan banjur dipasrahaké supaya ngabdi marang Gusti Panembahan ing Buminatan. Jroning ngabdi mau Bagus Burhan bisa mranani penggalihé Gusti Panembahan saéngga dianugerahi "pusaka" amanat saka Sri Baginda Pakubuwana III, yakuwi arupa kasektèn kanggo nulak kang duwé niat jahat. Saliyané kuwi uga dianugerahi èlmu kendhali kakuatan jasmani lan rohani sarta kalantipan pancaindra. Pungkasané ing dina Senèn Pahing tanggal 4 Sapar taun Alip 1747 utawa kanthi candra taun Amuji suci pandhitaning ratu, Bagus Burhan bisa diangkat dadi juru tulis Kadipatèn kanthi asma Ranggapujanganom.  
Ngumbara
Kanggo njerokaké èlmu lan kawruh, Bagus Burhan utawa Mas Rangga Pujanganom, banjur lunga meguru menyang padhépokan Kyai Ajar Sidalaku ing Tabanan, Bali. Ing padhèpokan iki Mas Ranggapujanganom diisi èlmu pandeleng batin. Miturut Kyai Ajar, yèn èlmu kuwi dipatrapaké bakal bisa ngerti bab kang durung dumadi, lan Mas Rangga Pujanganom bakal dadi sumber èlmu kawruh lan èlmu kawicaksanan saéngga bakal dadi pandhita utawa pujangga negara. Mas Rangga Pujanganom uga diwedhar naskah-naskah Jawa kuna kang katulis ing rontal utawa kertas kayu, yakuwi naskah kang digubah déning para empu, antara liya naskah Ramadéwa, Bimasuci, Baratayuda, Darmasarana, Aji pamasa lan sapanunggalané. Naskah-naskah mau isih tinulis jroning Sekar Ageng, nanging Kyai Ajar bisa mesthèkaké yèn Mas Ranggoyeda Pujanganom bakal bisa njarwakaké jroning basa Jawa kang bisa dimangertèni déning wong akèh.mboten ngertos kulo nyuwon penggalih ipun sedoyo  
Karya sastra
Karya sastra kang kawentar antara liya:
  1. Serat Pustaka Raja Purwa 
  2. Serat Sabdatama 
  3. Serat Kalatidha 
  4. Serat Sabda Jati 
  5. Serat Wirid Hidayat Jati 
  6. Serat Jaka Lodhang 
  7. Serat Wedharaga 
  8. Serat Mayangkara 
  9. Serat Ajidharma- Ajinirmala 
 sumber:http://jv.wikipedia.org/wiki/Ranggawarsita

Minggu, 08 April 2012

Lawak Banyumasan Peang Penjol


Nggo wong Banyumas, sing arne Peang karo Penjol kue udu aran sing aneh. Meh kabeh wong kenal karo aran kue, apa maning  nggo para ABG ( Angkatan Bapak Gue ). Senajan nggo bocah bocah siki akeh sing ora kenal, jalaran bocah siki lewih seneng nontoni hiburan neng tivi.
Peang Penjol ngetop wektu jamane urung ana tivi swasta kaya jaman siki. Hiburan masyarakat ya anane radio karo tip kaset,mulane anane Peang Penjol ya dadi hiburan sing banget desenengi nang masyarakat.
Lawakane sing nganggo basa Banyumasan nggawe weteng Bangka gemuyu dewek, tapii ya ana sing dicampuri basa Indonesia, Basa Sunda, Basa Cina ( snajan cina ngawur ). Nganti siki kayane urung ana sing bisa sukses kaya peang penjol, gemiyen si ya kayane ana Pendeng Gepeng, ningen ra bisa ngetutna susese Peang Penjol.
Nggo kanca batir sing kangen karo Peang Penjol, utawane kasete bodol ora teyeng muter maning, kie link download Peang Penjol versi mp3 :

Download peang penjol Nunggal Karep
Nunggal_karep_1

Nunggal_karep_2
Nunggal_karep_3
Nunggal_karep_4

Download peang penjol Ora Ngira

Orangira_1 
Orangira_2
Orangira_3
Orangira_4

Download Peang Penjol Iguh Pertikel

Iguh_pertikel_1
Iguh_pertikel_2



Iguh_pertikel_3
Iguh_pertikel_4


Download Peang Penjol Pinter Keblinger
Pinter_keblinger_1

Pinter_keblinger_2
Pinter_keblinger_3
Pinter_keblinger_4