Rabu, 28 Maret 2012

Naskah Film / Skenario



Yaiku cetak biru kang ditulis kanggo film utawa acara televise. Scenario bsa dikasilake saka wujud asli utawane adaptasi saka karya sastra kang wis ana.
Komponen-komonen utama sajrone scenario kasusun saka aksi lan dialog. Aksi kanggo ngatur apa wae kang dilakoake lan dialog kanggo ngatur apa wae kang diucapake dening tokoh.
Naskah film yaiku salah sawijining karya sastra kang nduweni struktur kang pada karo drama. Naskah filem uga nduwen latar, plot, penoohan lan tema.nanging bedane ora kakehen monolog kaya dene drama lan penokohan sering digambarake nganggo dialog antar tokoh sajroning naskah.
Nulis scenario yaiku salah sijine aktiftas ing tahap pra produsi sajroning proses gawe filem. Nulis scenario iku penting sebab scenario nduweni fungs kanggo kerangka  lan dadi pedoman tertulis kangg kabeh pihak kang melu gawe film, utamane sutradara.


BABAK II ( Ande – Ande Lumut )

SWASANA PADESAN/DUSUN
(para kawula alit/dhagelan padha gegojekan)
----------------pre memory-dhagelan bebas----------------
(‘gong! gong!’ juru warta teka dikawal para pengawale)
JURU WARTA : (maca/nyemak teks, bengok-bengok, lebay, lucu, diiringi kempul dening pengawale)“wara-wara! Mbok Randha Dhadhapan saka tlatah Kadipaten Arum Wana menehi pawartos kangem sedhaya kawula kang mirengake!” (para kawula padha nyedhak siji mbaka siji ora keri para klenthing uga melu )
“sayembara!! anak tunggal mbok Randha Dhadhapan yaiku jaka bagus kang aran Andhe-Andhe Lumut badhe nggelar pilih-pinilih, timbang-tinimbang wanita kagem didadosaken bojone, para kawula ingkang saguh lan mumpuni dipunantosi wanci tabuh sekawan sonten menika wonten ing ngarsa dalem Mbok Randha Dhadhapan. Dene wanita kang bakal dipundadosaken bojo gumanthung kawicaksananipun Ndara Andhe-Andhe Lumut. Mekaten pawartos saking kula, nuwun nuwun maturnuwun!”
(para punggawa lunga, para kawula padha bubar, dene Mbok Menah,
Abang, Ijo, Ungu lan Biru isih tetep ana papan mau)
K. ABANG : “mbok, aku pingin melu sayembara mau mbok!”
K. IJO, UNGU, BIRU : “aku iya mbok”
MBOK MENAH : “wis ayo gek dha siap-siap, ayao padha dandan lan milih wusana kang apik ana ing juru rias etan kana”
PARA KLENTHING : “ayo!”
(nalika padha arep budhal teka Kuning sinambi mlayu)
K. KUNING : “mbok, kula pripun?!”
(para klenthing lan mbok Menah balik)
K. UNGU : “lho, ngapa kowe nusul rene?”
K. KUNING : “aku ya pingin melu sayembara?”
PARA KLENTHING : “apa??!”
K. BIRU : “eh, mendingan kowe jaga omah wae!”
K. IJO : “Andhe-Andhe Lumut mesti ra bakal gelem karo dhapuranmu kuwi!”
K. BIRU : “yuukk, Andhe-Andhe Lumut mah gak level ame ye u kow?”
K.ABANG : “kowe apa wis nandhang gawean omah ha?!!”
K. KUNING : “dereng mbakyu Abang”
K. ABANG : “nah kuwi ateges kowe mblenjani janji!”
K. IJO : “wis untung diwenehi tumpanganan, janji arep rewang-rewang malah arep mlenjani!”
K. ABANG : “nah mbok, piye iki si Kuning arep mblenjani janji!”
MBOK MENAH : “Kuning, apa bener kowe pingin melu sayembara?”
K. KUNING : “leres mbok”
MBOK MENAH : “apa pagaweyan omah wis mbok rampungake?”
K.KUNING : “dereng mbok”
MBOK MENAH : “Kuning anakku, sepurane simbok ora bisa menehi kowe ijin meluni sayembara amarga tandang gawe kewajibanu durung mbok lakoni”
(para klenthing padha seneng lan ngguyu nyukurke Kuning)
MBOK MENAH : “nanging ya kuwi, upama kabeh pagawean mau wis mbok rampungake, kowe oleh kok melu sayembara nusul mbakyu-mbakyumu”
(para klenthing liyane protes, padha saur manuk)
K. IJO : “o iya Kuning, aja lali kowe ning omah dandanke gendheng kamarku sing bocor!”
K. ABANG : “aku mulih kudu mbok masakke iwak sing enak!”
K. UNGU : “tak tambahi! Kowe kudu nggawekne aku amben sing anyar!”
K. BIRU : “pokoke kowe ra oleh lunga sak durunge kabeh beres! Wis mbakyu ayo padha lunga, rasah nggagas cah sithok iki!”
(para klenthing banjur lunga, mbok Menah ora bisa tumindhak apa-apa, Kuning dhewe ana ing papan mau sinambi nangis)
K. KUNING : “duh Gusti, salah napa kula niki, nduweni mbakyu nanging atine ala kabeh, kula pingin sanget kepanggih kaliyan Andhe-Andhe Lumut, apa mungkin kabeh pagaweyan iki tak rampung tandhangi, Gusti, kula nyuwun pitulungan”
(kadadak teka wong tuwa sarwa putih teka marani Kuning)
K. KUNING : “mbah, panjenenganb sinten?” (wedi)
SANG HYANG : “ora usah wedi nduk, aku Sang Hyang Kandha Wana, teka amarga krungu pandongamu mau, aku bakal mbiyantu kowe nduk cah ayu” (Sang Hyang banjur ngthokake aji-aji sahingga kabeh pagaweyane Kuning rampung)
K. KUNING : “maturnuwun Hyang sampun mbiyantu kula”
SANG HYANG : “iya nduk, aku seneng mbiyantu kowe amarga atimu kang becik iku”
K. KUNING : “lajeng kula saged ndherek sayembara wonten Kadipaten Arum Wana”
SANG HYANG : “iya nduk, iki kowe tak sanguni pusaka teken sekti teken zaitun kang bira mitulungi kowe marang bebayan”
K. KUNING : “maturnuwun sanget Sang Hyang, kula badhe mangkat sakmenika, pangestunipun Hyang”
SANG HYANG : “iya nduk ati-ati, pangestumu tak tampa, Sang Hyang erep bali dhisik”(Sang Hyang lunga)
K. KUNING : “maturnuwun Hyang, atos-atos!” (Kuning lunga)



Drama


Drama (Yunani Kuna: δρμα) iku siji wangun karya sastra sing nduwèni bagéan kanggo diperanaké déning aktor. Kosakata iki asal saka Basa Yunani sing maknané "aksi", "tumindak".
Drama bisa diwujudaké mawa manéka medhia: ing dhuwur panggung, film, lan utawa televisi. Drama uga kadhangkala dikombinasi karo musik lan tari, kayadéné jroning sawiji opera (pirsani melodrama).
Drama ing Indonesia
Ing Indonesia, tontonan sajinis drama nduwèni istilah sing werna-werna, kayata: Wayang wong, kethoprak, ludruk (ing Jawa Tengah lan Jawa Wétan), lenong (Betawi), randai (minang), reog (Jawa Kulon), rangda (Bali) lan sapanunggalané.
Unsur-unsur drama
1.       Naskah drama/ Drama Script
2.       Pemain (aktris utawa Aktor)
3.       Papan tontonan (teater)
4.       Penonton

Nyemak Filem


Filem utawa sering uga kesebut sinema, yaiku crita kang disuguhake kanthi sarana gambar urip kasile saka rekaman kamera.
Sejarah  filem iku pada tuane karo ditemoake perangkat fotografi, sejarah gambar owah kang pertama metu ing dunya dudu ing Hollywood, nanging lar saka pitakonan sepele : apa sikil jaran iku ana ing posisi mlayang ing wektu bebarengan nalika jaran mlayu ? Pitakonan iki di jawad dening  Eadweard Muybridge saka Stanford University kang gawe 16 gambar jaran kang mlayu. Kedadean iki ana ing taun 1878. Saka 16 gambar iku disambung lan diowahake kanthi urutan lan ngasilake gambar gerak pertama ing dunya.
Ing tahun 1888 nembe metu fiem pertama ing dunya lan dikenal kanthi jeneng  Roundhay Garden Scene kang di'sutradarai' dening Louis Le Prince saka  Prancis. Filem iki mung nduweni durasi 2 detik, lan nggambarake keluarga Le Prince  lagi dolanan ing taman. Ing tahun 1889, Amerika Serikat nembe gawe filem pertamane kang nduwe judul Monkeyshines No. 1.
Filem iku wujude uga bisa animasi.

 Video Eadweard Muybridge


Video  Roundhay Garden Scene


Video Monkeyshines No 1. 

Sinopsis Cerkak


Synopsis yaiku ringkesan sawijining crita. Ringkesan yaiku salah sawijining wujud nyekakake sawijing cerita kanthi tetep migateake unsure-unsur intrinsic sawijing crita iku.
Gawe synopsis iku cara kang efektif kanggo ngaturake sawijining crita kang dawa sajroning wujud cekak. Sajronin g synopsis kaendahan gaya bahasa, ilustrasi lan penjelasan-penjelasan diilangake, nanging tetep gumathok marang isi lan gagasan umum pangripta.
Sinopsis biasane dibatesi dening  cacahing rai. Dawane synopsis biasane seperlima utawa utawa sepersepuluh saka dawane karangan asline.
Carane gawe synopsis :
1.       Maca naskah asli kanggo nggolek gagasa umume peulis
2.       Nyatet gagasan utama kang penting
3.       Ngrantam maneh gagasan utam dadi paragraph
4.       Dialog lan  monolog cukup ditulis isi utawa garis utamane
5.       Synopsis ora kena owah saka lakune crita asli

Nyemak Cerkak



Crita cekak iku crita gancaran kang ngandhut prastawa kang ora dawa lan ora akeh alur critane. Ing basa Indonesia, disebut cerita pendek (cerpen).Utawi sawijining karangan kang nyritakake bab-bab kang ana gegayutane karo lelakone manungsa kanthi ringkes, anggone nyritake saka wiwitan, tuwuh dredah, nganti carane ngrampungake masalahe. Ciri-ciri cerkak :
Critane ringkes
Gegayutan karo lelakone manungsa
Alur crita dumadi saka wiwitan, dredah, ngrampungake perkara
Bab-bab kang perlu digatekake ing crita Cekak :
1.       Tema :  Underaning perkara
2.       Alur (plot)
- Exposition
- Complication
- Rising Action
- Turning Point (klimaks)
- Ending
3.       Latar
- Latar Panggonan
- Latar Wektu
- Latar Kahanan
4.       Penokohan (paraga)
a.       Teknik  Analitik, yaiku Karakter utawa watak tokoh dijlentrehake kanthi langsung
b.       Teknik Dramatik
-  Pengambaran bab fisik lan tindak tanduk
-  Pengambaran lingkungan kahuripan tokoh
- Penggambaran Tatabasane Tokoh
- Penggambaran dalan pikirane tokoh
-Panggambaran dening tokoh liyane
5.        Sudut Pandang (posisi pangripta)
a.       Dadi wong kapisan
b.      Dadi wong kapindho
c.       Dadi wong katelu
6.       Amanat (Pesen)
Ajaran moral didaktis kang bakal disampeke/ dijlentrehake pengarang marang wong kang maca
7.       Gaya Bahasa
Basa ana ing crita nduweni kagunaan kanggo nyiptakake kahanan persuasif uga ngrumusake dialog kang bisa ngetokake hubungan lan interaksi tokoh siji lan sijine
Bab-bab ing dhuwur iku diarani unsur intrinsik, kang tegese unsur-unsur kang mbangun crita saka jroning crita kasebut.

Nulis Wacana Eksposisi


Sajroing wacana eksposisi dibeberake anane analisa proses nganggo cara narasi. Narasai kang mengkono mau diarani narasi ekspositoris/ narasi teknis, awit ancas kang tinuju titise katrangan ngenani sawijining prastawa kang dibeberake. Dadi ancase wacana eksposisi yaiku maparake, njlentrehake ( menjelaskan), ngaturake informasi, mengajarkan lan nerangake sawijining bab tanpa didhasari supaya pamaos bisa nampa utawa narima. Wacana eksposisi adate digunakake kanggo mbabarake pengetahuan / ilmu, definisi, pengertian, langkah - langkah sawijining kagiyatan, metode, cara, lan proses dumadine sawijining prastawa utawa bab. tuladhane upamane carane gawe sabuk saka kulit, tas kulit, carane gawe tahu lan sapanunggalane.
Tuladhane wacana eksposisi :

Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki diselenggarakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi, tujuane kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sifaté tolak bala. Ing dhaérah tinentu, upacara iki uga diarani tingkeban. Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwé raga sing sampurna. Dadi miturut pengertian wong Jawa, wêtêngan umur 7 sasi iki proses penciptaan menungsa iku wis nyata lan sempurna neng sasi kaping 7 iki utawa Sapta Kawasa Jati.Rangkaian acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati, urut-urutane yaiku siraman, nglebo'ake endhog pitik kampung neng jero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebo'ake kelapa gading enom), memutus lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan terakhir kendhuren. Acara siraman mung diselenggara'ake kanggo mitoni anak pertama.Miturut adat Jawa mitoni iku kudhu diselenggara'ake neng dina sing bener-bener apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuah awan nganti mbengi.
Rangkaian acara kanggo upacara mitoni iki luwih akèh tinimbang upacara ngupati, urut-urutané yaiku siraman, nglebokaké endhog pitik kampung ing jero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokaké cengkir klapa gadling), medhot lawé utawa lilitan benang (janur), mecahaké wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasan kendhurèn. Acara siraman mung diselenggarakaké kanggo mitoni anak pisanan. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu diselenggarakaké ing dina sing bener-bener apik yaiku dina Senèn awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi.

Maca Teknik Naskah Pawarta


Menawi  salah sijine pawongan maca pawarta dipun pocapaken kanthi cetha kang bisa keprungu endah lan cetha dening wong liya , iku kang diarani maca teknik.
Ora kabeh wong bisa maca teknik kanthi sae, jalaan kemampuane wong siji lan sijine iku beda-beda.
Supaya bisa maca kanthi endah lan enak dipun pirengaken, kedah migateaken babagan-babagan kayata ing gisor iki :
1.       Pocapan utawa lafal kudu jelas antarane vocal lan konsonan
2.       Lagu ukara, yaiku munggah mudhune suara
3.       Kawijangan pocapan, yaiku gamblang dipun rungoaken lan bener tumrape aturaning basa
4.       Pandelenge mripat sesaged sagede lurus marang pamiarsa, tajem lan prabawa
5.       Sikape maca kedah sopan santun lan leres


Tuladha teks brita :
Ambal Warsa Departemen Agama
03 January 2012 19:07 WIB
Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Kalih ewu gangsal atus tiyang ngestreni upacara pengetan ambal warsa Depag kaping 66 taun mapan ing Alun-Alun Pemkab Gunungkidul. Upacara ingkang dipun pandhegani Bupati Gunungkidul, Badingah,   kanthi ira-irahan “Memperteguh Komitmen Untuk Membangun Kementrian Agama Yang Bebas Dari Korupsi”.
Kajawi upacara, kangge mahargya ambal warsa  Depag - Kementrian Agama Gunungkidul ugi ngadani kridha donor darah ing Kantor Kemenag Gunungkidul, ingkang dipun estreni pegawai Kemenag Gunungkidul. Salebeting pambagyanipun Bupati Gunungkidul,  piweling supados Depag Gunungkidul tansah njagi lan tinarbuka ing babagan kahartakan, sarta tansah lila legawa anggenipun suka ladosan dhateng warga Gunung kidul.
Saparipurnaning upacara, Bupati tetinjo dhateng Gedung Kemenag kangge donor darah.  Mukhotif, wakil ketua panitia mratelakaken, ing dinten Minggu (8/1) ngajeng, Kemenag Gunungkidul ugi badhe ngadani maneka  lomba kangge siswa, lan nanem uwit, sarta kalajengaken tasyakuran.
Penjor Inggil Wurung Mecah Rekor Muri
03 January 2012 19:03 WIB
Kebumen, www.jogjatv.tv – Kangge ngregengaken pengetan ambal warsa kaping 76 taun Kabupaten Kebumen, penjor inggil ingkang dipun damel dening para siswa SMA I Pejagoan dinten Senen, (2/1) siyang, tetela dereng saged mecah rekor Muri. Bab kasebat jalaran penjor ingkang kaangkah inggilipun 40 meter kasebat, nalika dipun edegaken, coklek ing perangan tengah.
Penjor dipun damel dening para siswa SMA I Pejagoan Kebumen, tembayatan kaliyan Pemerintah Daerah Kabupaten Kebumen, Jawa Tengah, kanthi ancas kangge mecah rekor Muri penjor inggil saderengipun, ingkang inggilipun 28 meter dipun damel ing Bali. Penjor sakawit mujudaken ubarampe tumrap umat Hindhu, minangka lambang karaharjan ingkang dipun pasang nalika riyadi Galungan. Penjor dipun damel saking deling lan janur, ingkang dipun gatra kanthi mirunggan. Wondene tumrap bebrayan Jawi, penjor dipun pasang minangka tandha wontenipun upacara panganten.
Kanthi dipun biyantu kalih mobil jangkep mawi piranti forklif, penjor wiwit dipun edegaken. Nanging dumadakan perangan tengah coklek, satemah penjor kedah dipun selehaken malih. Ketua Panitia, Suratno  mretalakaken, coklekipun penjor kasebat mbokbilih awit deling ingkang dipun ginakaken taksih anem, satemah gampil coklek.
Panitia pemecahan rekor Muri badhe tetep nyobi damel penjor malih kangge mecah rekor Muri penjor ingkang inggil piyambak.

Ngandharake Pawarta saka Televisi



Kanthi anane Televisi, manungsa samsaya gampang anggone nampa nformasi. Babagan ekonomi, kabudayan, keamanan lan liya liyane, gampang banget di golek, mung kari geleme manungsa nggolek. Sarana kanggo nggoleki iformasi iku samsaya akeh lan gampang. TV, Radio,Koran, Internet, kabe wes tekan marang pelosok-pelosok ndesa, ora mung nang kota gedhe thok anane. Seakeh akehe informasi kang di tampa, ora kabeh migunani tumrap awake dewe, ana informasi kang ora ana gunane kanggo awake dhewe, nanging penting ing wong liya.
Nalika kita nyemak informasi kita kudu nyemak kanthi bener  supaya nalika kita ngandarake uga bisa jelas lan cetha, ora beda karo asline. Supaya bisa ngandharake informasi  kanthi bener,kudu nggateake babagan kayata ing ngisor iki :
1.       Nyemak  kanthi lengkap, aja separo separo
2.       Nemtoake gagasan pokok sajroning brita
3.       Nulis babagan kang penting

Nyemak Informasi Saka Televisi


Pawarta minangka prastawa kang diwartakake. Pawarta iku bisa arupa lesan apadene tulisan. Lesan ateges pawarta iku bisa diwartakake dening wong liya kanggo pamiyarsa lumantar swara. Tulisan pawarta iku lumrahe kapacak ana ariwarti, kalawarti.
Perangan kang nemtokake bobot biji pawarta yaiku
1.   Aktualitas
2.   Sesambungan karo papan kedadean
3.   Sesambungan karo unsur-unsur kang katut ing sakjrone kedadean
4.   Sesambungan karo pagaweyan pamaca/ pamiyarsa
5.   Ganepe Pawarta.
Saya akeh gunane pawarta kuwi tumrap pawongan, saya mundhak dhuwur biji pawarta kuwi tumrap dheweke.
Para siswa kang kulina ngrungokake pawarta basa jawa mesthine bisa tambah wawasan lan pangertene marang ukara basa jawa. Kang perlu digatekake nalika ngrungokake pawarta utawa informasi yaiku:
a.   Mangerteni kanthi cetha masalah kang disampekake
b.   Mbedakake informasi kang penting lan ora penting
c.   Nyathet informasi sing bener lan premathi

Sak bubare para siswa ngrungokake pawarta diajab para siswa bisa gawe simpulan saka pawarta kang disemak. kesimpulan yaiku rumusan cerkak saka loro utawa luwih pernyataan kang handuweni hubungan. Nyimpulake pawarta berarti nanggepi pernyataan-pernyataan ana ing pawarta. Nalika menehi tanggepan sampeyan bisa ngutarake setuju utawa ora setuju marang pawarta kang nembe dirungokake.
Bab-Bab kang kudu digatekake nalika menehi tanggapan yaiku:
1.       Tanggapan iku sak mestine disampekake mawa uraian kang cekak, padhat lan disusun kanthi apik.
2.       Permasalaham utawa bab kang ditanggapi kudu cetha
3.       Tembung-tembung lan ukara sing digunakake kudu gampang dingerteni utawa dipahami
4.       Tanggapan iku kudu diwenehi alesan kang logis, bisa uga ditambahi fakta lan bukti-bukti kang relevan(nduweni Hubungan) Nanggepi pawarta iku kudu evaluatif lan objektif. Evaluatif tegese menehi penilaian, objektif tegese pawarta kang ditampa kanthi apa anane.

Gawe geguritan


Geguritan saged kawastanan puisi bebas, sebab langkung mardika ( cacahing tembung, larik) boten kaiket paugeran tertamtu kados tembang. Sanajan ukaranipun kathah nanging maknanipun kempel, manunggal lan runtut. Caranipun damel geguritan kanthi damel cengkorongan ( kerangka) utawi boten. Urut-urutanipun damel umpaminipun :
1. Nemtokaken tema
2. Milih irah-irahan ( judul) ingkang sae, narik kawigatosaning pamaos, sokur yen cekak aos/ mentes.
3. Milih tetembungan ingkang sae
4. Antawisipun irah-irahan la nisi, kedah wonten sambungipun
5. Saged migunakaken purwokanthi, basa lan susastra.
Kadamela geguritan ingkang temanipun ing ngandhap menika, saged milih salah setunggal :
1. Kabudayan / kesenian
2. Kaendahan
3. Katresnan
4. Perjuwangan.
Tuladha geguritan :

Geguritan


Geguritan menikasalah satunggaling wujud asiling kasusastran Jawi gagrag enggal ingkang nggadhahi cakrik mirunggan. Nanging eman sanget boten kathah tiyang mliginipun para anem ingkang nggatosaken. Kamangka, geguritan kathah ingkang ngemu suraos luhur, ingkang mekaten wau saged kawastanan sastra adiluhung. Ing ngelmu kasusastran Yunani, bab menika saged nggadhahi fungsi dulce (kaendahan) lan fungsi utile (kagunan/paedah). Satunggaling asiling kasusastran kasebut endah lan sae yen fungsi kekalih wau saged nyawiji, inggih menika endah yen kawaos lan migunani tumrap budi pekertining tiyang ingkang maos/ mirengaken.
Ingkang kedah dipungatosaken nalika maos geguritan 4 W:
1. Wicara = pocapan / lafal
2. Wirama = irama / lagu
3. Wiraga = solah / gerak, pasemon / raut muka
4. Wirasa = penjiwaan.
Katrangan :
Nalika maos geguritan , posapan kedah cetha, boten groyok, blero utawi mangu-mangu ( ragu-ragu ). Kedah saged ngucapaken aksara kanthi leres, umpaminipun mbedakaken aksara a/o; t/th; d/dh; è/ é/ ê, lsp.
Iramaning tiyang maos geguritan saged minangka pandudut (daya tarik) tiyang ingkang mirengaken. Sora utawi boten iramanipun kalarasaken kaliyan isinipun geguritan. Geguritan kanthi tema perjuwangan temtu anggenipun maos sora (banter), semangat. Beda kaliyan maos geguritan isi kesusahan, kasmaran temtunipun pamaosipun langkung alon, sareh.
Ebahing badan lan pasuryan (rai) kedah dipungatosaken kedah luwes (ora kaku) lan sampun ngantos ketingal kadamel-damel.
Wirasa kaetrepken kaliyan isining geguritan umpaminipun : nesu, gumbira, sisah, kejem, wibawa, getun, lsp.

Tuladha geguritan  :

PIWELINGE IBU
Anggitane : Drs. Wahyu ST

Ngger, diati-ati aja seneng nyenyandhung
arum endah kembang bakung
kesrimpung slendang
kesandhung gelung
kagubel kalung

Ngger, aku tansah ndonga lan ngidung
supaya kacekel anggonmu mbujung
aku tansah eling piwelinge ibu
nalika aku arep budhal sinau

Ngger, urip mono awujud laku
ombyaking donya aja kapaelu
aja kapilut gebyaring lampu
kang kairing jejogedan lan gumuyu

Ngger, urip kang prasaja
aja mung mburu barang donya
ditansah eling lan waspada
swarga ora dumunung ing kedheping netra
tansaha dedonga marang kang maha kwasa

Matur nuwun ibu
pangandikamu rumasuk ing balung sumsumku
pindha latu mangalad-alad jroning kalbu
saengga paiting bratawali ora tau keprungu
aku setya tuhu marang piwelingmu
kang putra tansah nyuwun pangestu.

Carane diskusi kang bener


Salah sawijine cara kanggo nggolek solusi ngrampungake masalah yaiku kanthi anane diskusi, kanthi anane dialog tuker pikiran lan wawasan, masalah kang angel bisa olih dalan solusi kanggo ngrampungi  masalah kanthi adil lan ora ngrugiake salah sijine pihak.
Proses diskusi bisa mlaku kanthi efektif bilih kabeh peserta diskusi  nyadari hakikat diskusi lan nyekel  seret prinsip-prinsip diskusi. Babagan kang wigati lank kudu diperhateake nalikane diskusi ing antarane yaiku :
1.    Diskusi minangka forum ilmiah kanggo tuker pikiran lan wawasan sajrone nggolek solusi permasalahan kang diadepi bareng-bareng. Diskusi dudu forum kanggo mbagi pengalaman ( sharing ), curhat, kepentingan ( musyawarah ) utawane ilmu ( mulang ).
2.    Sajroning diskusi kudu ana dialog intelektual lan ilmiah, ora kena emosional lan egois, sahingga bisa olih pikiran kang rasional lan obyektif.
3.    Diskusi iku forum resmi,formal lan terbuka. Mula kudu nganggo bahasa kang bisa dingerteni ing kabeh peserta diskusi.
4.    Diskusi mlaku sajroning suasana kang tertib, teratur lan terarah ndueni tujuan kang jelas, mula perlu anane intrumen diskusi ing antarane : ketua / moderator, notulis, lan tata tertib.
Diskusi dianggep urip nalika kabeh peserta melu aktif tuker pikiran ora didominasi siji utawa loro pikiran wae.
Inti saka kegiatan diskusi yaiku anane proses tuker pikiran antarane peserta siji lan sijine. Peserta diskusi dipun arep-arep bisa ngetoake pendapate tumrap masalah kang ana,selanjute pendapat iku kudu ditanggapi dening peserta liya. Akeh cara kanggo nanggapi pendapat iku,bisa kanthi nakoake maksud lan tujuane, setuju apa ora setuju, ndukung apa nolak, lan liya liyane.
Anane pendapat kang metuiku babagan positip sajroning diskusi, tambah akeh pendapat,gawe proses diskusi dadi tambah urip lan regeng lan dinamis.
Nanging senajan akeh tanggapan, iku ora dadi jaminan hasil kang apik jumbuh karo tujuane diskusi. Iku bisa kedadian nalika pendapat kang disampeake peserta iku ora jelas tujuan utawa dalile. Mula nalika diskusi,kabeh pendapat lan tanggapan kudu ndueni alas an kang tinemu akal, lan ndueni dalil. Kang paling penting, pendapat kudu disampeake kanthi  sopanlan bahasa kang becik lan efektif.

Cerita Rakyat


Sejen daerah, sejen uga cerita kang urip ing daerah iku. Bebasan Sejen kebon sejen walang. Saben daerah ndueni cerita dhewe-dhewe, ana kang wujud asal usul panggonan, cerita memedi utawane critane para dewa lan dewi kang urip ing daerah iku.
Nanging merga gesere pola pikire manungsa, crita rakyat iku mulai kalah dening Harry Potter, Spider Man, X Man, Super Man, Transformer,lan liya-liyane. Merga crita rakyat iku naming dipun warisake saka tutur tinular, mula ora ana pathokan kang baku.
Crita rakyat iku keperang dadi :
1.       Crita Fiksi
a.       Mite
Yaiku dongeng kang ana hubungane karo alaming lelembut, pri prayangan utawa alam gaib.
Tuladhane : Nyi Roro Kidul, Nyai Blorong, Kuntilanak, Gendruwo ,lsp.
b.      Fabel
Yaiku dongeng kang peragane para sato kewan kang bisa clathu kaya manungsa. Lumrahekanggo mulang babagan akhlak, sopan santun, unggah-ungguh marang bocah cilik.
Tuladhane : Kacil nyolong timun, kancil karo baya, gajah mungsuh semut, lsp.
c.       Legenda
Yaiku dongeng kang nyritaakeasal usul utawa  dumadine salah sawijine panggonan utawa barang.
Tuladhane : Asal-usul Rawa Pening, Legenda Tangkuban Perahu, Malin Kundang, Asal – usul jeneng desa, lsp.
2.       Crita Nonfiksi
a.       Hikayat
Yaiku crita kang nyritaake peragane kanthi jelas lan ijen ijen . Biasane kang dicritaake iku babagan kang apik-apik.
Tuladhane : Hikayat Hang Tuah, Hikayat Bahtiar, Lsp.
b.      Babad
Yaiku crita kang ana buktine, nanging wis ketambahan crita kang ngarang lan ora genah.
Tuladhane : Babad Tanah Jawa, Babad Mataram, Babad Majapahit, lsp
c.       Sejarah
Yaiku crita kang bener-bener kedadian la nana bukti nyatane.
Tuladhane : Sejarah Jendral Soedirman, Sejarah Majapahit, Sejarah Wali Perkasa ,lsp.
d.      Roman
Yaiku crita kang nggambarake uripe pawongan wiwit lair tekan pati.
Tuladhane ; Roman Adat, Roman Detektif, lsp.

Makna Aksara Jawa


Aksara jawa nduweni filsafat kang gedhe maknane.Filosofi iku dipun wedharaken dening Sri Sultan Paku Buwana XI kang dicuplik dening Yasadipura. Ajaran utawa wewarah filsafat uripkang adhedasar aksara jawa yaiku :
Ha, na, ca, ra, ka . Nduweni teges ana utusan, yaiku utusaan urip kang wujud napas kang kajibah manunggalake jiwa lan raganing manungsa.
Da, ta, sa, wa, la. Ateges manungsa sawise cinipta tekang da, ta utawa wektune mati ora bisa sa, wa,la utawa ngindhar lan nolak. Apa karepe kang wes ngutusiku kang bakal kedaden. Datan bisa sawala.
Pa, dha,ja, ya, nya. Tegese Dzat kang maringi lan kang diparingi urip yaiku manungsa lan Gusti Allah iku karepe padha jayanya, padha menange, begja donya lan akherate.
Ma, ga, ba, tha, nga. Ateges nampa sakabehing dhawuh sarta  larangan kang Maha Kuwasa, pasrah sumareh marang garising pesthi.
Akeh wong kang padha njlentrehake panemune babagan aksara jawa punika,nangng kabeh mengku makna lan karep ang meh padha, yaiku manunggaling kawula lan Gusti kang wes paring caraka, utawa wes ngutus.

Pengalaman Lucu


Nyritake pengalaman kuwi bakune sing diajak crita mudeng karo apa kang dicritake. menawa ceritane lucu melu nguyu menawa critane trenyuh yo melu sedih. Supaya mudengake crita kudu runtut lan mbabarake kedadean kanthi apa anane, tujuane wong liya kang ngrukokake bisa melu mbayangake kedadean kang wis kelakon ana ing critane mau.
Crita lucu isa kedadean saka nyekseni kedadean utawa angen-angen. lucu isa uga amarga gawe guyu utawa gawe gela. lucu amarga saka bodone, ketula-tula utawa tumindake kang ndadekake guyu.
Manut teori superioritas-degradasi, wong rumangsa seneng lucu yen diunggulake nanging ora jumbuh karo kasunyatane
Manut teori bisosiasi, tegese wong rumangsa lucu sakwise ngrumangsani ora gathuk antarane angen-angen karo kasunyatan
Nyritakake pengalaman kudu nduweni unsurr-unsur kaya
ü  pengalaman apa kang bakal dicritake
ü  wektu kedadean
ü  papan panggonan kedadean pengalaman iku
ü  wong-wong kang melu andil ana ing pengalaman
ü  sebab-sebab pengalaman iku kedadean
ü  kepriye pengalaman iku kedadean
Pengalaman kang kucu ora padha karo dhagelaan. Yen pengalaamaan kang lucu iku dialami tenan dening paragaane, tuladhane nganggo klambi kuwalik, nganggo sepatu selen lan sapanunggalaane, Dene dhagelan kuwi di karang, digawe skenario banjur dilaakokake. Tuladhane dhagelan kang disiaarake ing televisi yaiku Opera Van Java.








Tuladha cerita pengalaman lucu
Sedulur-sedulur kabeh dong ganu nek bali sekolah sering diinterogasi wong tuwane apa ora? Biyunge nyong ganu sih sregep banget gole takon. Durung madang durung salin klambi, wong nembe gutul ngumah sekang sekolahan, biyunge nyong wis takon-takon.
bijiDitakoni soal neng sekolah nakal karo kanca apa ora? Kurang ajar karo guru apa ora? Ngrikiti alias nyakoti meja karo bangku apa ora? Trus nek bar ana ulangan, aku bisa apa ora?

Nah, omong-omong soal ulangan. Sing paling gawe getar-getir wong tuwa kan soal biji. Ning ket ganu alhamdulillah-e aku kelebu bocah sing lumangyan neng sekolahan. Lumangyan nakal ya lumangyan pinter. Hehehehehe…
Jaman kuliyah, nyong duwe pengalaman lucu. Nyong duwe kanca asal kebumen tapi ngomonge kaya wong banyumasan (soale ana wong kebumen sing pancen daerahe omongane wis nganggo dialek kulon). Bocahe dadi cedek karo aku gara-gara anggere ngomong padha kemlontange.
Sawijining dina, bar ana test neng kampus, kancaku kuwe mau arep takon karo dosen soal hasil test. Masalahe kabeh wis diumumna bijine, kecuali kancaku kae mau.
Nah, dasare bocahe sekepenake dewek, pas takon lambene kepaduk-paduk. Bahasa Indonesiane dadi kaya kluban, campur karo basa jawa.
“Bu… Bu… Biji saya berapa???”
Kudune nek nganggo basa Indonesia kan “Bu.. Bu… nilai saya berapa??”. Huahahahahahahaha…. Gara-gara kuwe kanca-kanca sekelas pada semaur : “Dua… dua!!!!!”. Hahahahahaha

Pengalaman Pribadi


Pengalaman iku guru kang paling apik. Ujar – ujar iku pncen bener , jalaran kanthi anane pengalaman, wong urip kang ndueni akal sehat mesti bisa njupuk kawruh utawa pelajaran lan wulangan saka pengalaman kang wes kedadean iku.  Beda manungsa,beda uga pengalamane, senajan kedadeane pada papan lan panggonane, nanging  saben manungsa  beda anggone nanggepi kedadean iku. Ana kang nganggep biasa, ana uga kang nganggep luar biasa.
Ngrungoake cerita pengalaman, manfaat lan kegunaane yaiku bisa nambahi seurupan, ilmu lan pengetahuan senajan awake dhewe during nate ngalami apa kang diceritaake ing sajroning pengalaman.
Pengalaman mono wujude manekawerna. Ana pengalaman pribadi, ana kedadeyan kang dialami dening masyarakat/ bangsa. Kedadeyan penting kang dialami dening sawenehing bangsa kanthi bukti kang nyata dadi sejarah. Pengalaman pribadi yaiku pengalaman sing dilakoni/ dirasakake dening manungsa dhewe. Nitik saka isi ceritane, pengalaamaan ana kang wujud pengalaman kang lucu, ana uga pengalamaan kang ngayelake, gawe trenyuh lan sapanunggalaane.

Tuladha crita pengalaman
ALAT ANTI MALING DIKIRA PIN
Dina Setu malem Ahad, Naning tanggaku sing duwe anak cilik ngajak mlaku-mlaku. Tujuwane tumuju mall ing Jember. Ndilalah ing mall ana kedadeyan ngisinake sing ora bisa dilalekake. Putrane anake Naning pancen isih kelas papat SD.Dadi ya wajar yen nganti dheweke nggawe masalah. Nalika kuwi bubar blanja-blanja, Naning lan anake mulih. Lha kok saka lawang alarm muni banter ngagetake. Satpam sing tanggap langsung wae nyekel Naning lan anake. Merga satpam kuwi weruh Naning lan putrane pas metu, alarm muni.
Naning mesthi wae protes merga ora rumangsa nyolong. Lha wong barange wis dibayar ing kasir. Naning satpame tetep njaluk ijin mriksa. Merga ora ngrasa salah, pungkasane , Naning gelem bae di priksa. Ndilalah ing sake klambi putrane ana alaat anti maling. Wujude alat anti maling kuwi pancen kaya dulinan Bentuke kaya pin sing ditempelake ing klambi.
“Kok njupuk iki kenapa?” pitakone Naning marang putrane.
“kula kinten niki dolanan, Bu. Kula boten semerep,” jawabane anakke karo keweden.  Satpame wusanane maklumi. Nanging Naning isin tenan merga wis diglandhang kaya maling. Apa tumon alat anti maling dikira dolanan.
( Deny Wibisono - Ambalu – Jember )

Ngringkes wacan


Ringkesan /ikhtisar padha-padha minangka panyajian cekak aos saka wacan/karangan asli. Nanging kanthi teknis kelorone ana bedane.
Ringkesan minangka panyajian cekak aos saka wacan asli/karangan, nanging tetep ngukuhake (mempertahankan) urutan isi sudut pandang pangripta/panulis asli.

Babagan wigati kang kudu dimangerteni sadurunge ngringkes yaiku,

1. Tulisen ringkesan kanthi cekak aos, arupa pokok-pokok informasi sajeroning wacan/karangan kasebut.
2. Gatekna urutan wosing (isi) wacan/karangan . Tulisen miturut isi wacan)Tulisen ringkesan wacan kasebut tanpa ngowahi sudut pandang pangripta/panulis asli.

Wacan sing awujud dawa bias kaowahi dadi cekak, nanging ringkesan kudu tetep ngandhut isi pokok tulisan asli.
Nulis ringkesan yaiku nulis maneh gagasan utama kang ana ing sajeroning tulisan sing uwis kawaka.
Panulisan kudu digawe kanthi ati-ati,sebab ringkesan sing digawe iku ora entuk dicampuraduk karo panemune sing gawe ringkesan. Isi ringkesan mung saka sumber utama wae.

Langkah-langkah gawe ringkesan yaiku :
    *    Maca naskah asli
    *    Nyathet gagasan umum
Panulis ringkesan nyathet lan nggarisngisori / menehi tandha kabeh gagasan utama lan gagasan kang wigati.
    *   Gawe reproduksi
Panulis ringkesan ngrantam maneh ringkesan miturut gagasan utama kaya kang dicathet ing langkah kapindho. Bagian kang entuk dileboake yaiku argumentasi utama wae. Ringkesan ngasilake simpulan pokok. 

 
UPACARA TINGKEBAN

Upacara tingkeban ana ing masyarakat Jawa Tengah lan Ngayogyakarta nganti tumeka saiki isih kereb ditindakake. Upacara tingkeban iki minangka upacara slametan pitung sasi kanggo calon ibu kang mbobot kaping pisanan. Upacara tingkeban dianakake mesthi wae nduweni ancas kang kepengin digayuh dening kulawarga, mligine ancas supaya bayi lair kanthi gampang, slamet lan ora ana alangan apa-apa. Kajaba iku muga-muga mbesuke bisa dadi anak kang bekti marang wong tuwane. Ing kene uga arep diandharake tata cara upacara tingkeban kalebu nyamping kang dienggo calon ibu.
Upacara tingkeban kawiwitan mawa sungkeman. Ing acara sungkeman, calon ibu lan calon bapak luwih dhisik sumungkem ing ngarsane Rama lan ibune. Sungkeman iki nduweni teges muga–muga ing tembe jabang bayi kang dilairake bisa dadi bocah kang bekti marang wong tuwane. Sabanjure upacara siraman, Ana ing upacara siraman, calon ibu disiram dening wong pitu, kayata: bapak saha ibu saka calon ibu, bapak saha ibu saka calon bapak, simbah, sedulur utawa tangga teparo kang bisa dadi tuladha becik. Sawise siraman banjur sesuci (wudhu). Banyu kang diwadhahi ing kendhi kanggo sesuci mau banjur dipecah dening ibu saka calon ibu kanthi ngendika: “ ora mecah kendhi, nanging mecah pamore jabang bayi.”
Ing upacara tingkeban, calon ibu ganti nyamping kaping pitu, kang urut-urutane: nyamping sidaluhur, sidamukti, truntum, wahyu tumurun, udan riris, parang kusuma lan nyamping semen romo. Sabanjure ganti nyamping ana adicara nigas janur kuning.  Calon bapak nigas janur kuning kang diubetake ing bangkekane calon ibu. Sawise nigas janur kuning, calon bapak banjur mlayu banter, iki nduweni ancas muga-muga jabang bayi bisa lair kanthi lancar lan cepet. Banjur acara brojolan. Brojolan ing kene ana werna loro yaiku brojola tigan (kanthi pangajab muga-muga bayi bisa kalairake kanthi gampang ora ana sukerta kang ngalang-alangi). Brojolan kaping pindho yaiku brojolan cengkir kang digambari Kamajaya lan Kamaratih utawa Arjuna lan Subadra kang minangka pralambang laire jabang bayi. Mangkono mau urut-urutan ing upacara tingkeban. Ananging, amarga desa mawa cara negara mawa tata, mula ora mokal manawa saben dhaerah beda tata carane nindakake. Kabeh mau minangka simbol kanggo nggayuh kabecikan.

Maca : Kebudaaan Jawa, Keris


Keris
Keris utawi tosan aji utawi curiga punika salah satunggal sanjata tradhisional masyarakat Jawa ugi dados salah satunggal lambang paripurna tiyang jaler sanesipun turangga, wisma, wanita kaliyan kukila. Curiga utawi keris punika anggadhahi makna jantan, prakosa lan diwasa, utawi tiyang (jaler) Jawa punika kedah tangguh, sanggup nglindungi piyambakipun, kulawarga, saha saged mbéla negari.
Dereng wonten asil panalitèn ingkang kasil nemtokaken kalapunapa tiyang Jawa milai magertosi keris, wonten keris Jawa sampun anggadhahi wujud ingkang sampurna nalika jaman Krajan Majapait. Ing jaman rumiyin, keris punika dados lambang kepangkatan ugi saged dados hadiyah ingkang paling sae utaminipun menawi hadiyah keris saking raja.[2]
Jaman sapunikai fungsi keris sampun kirang, umumipun namung dados barang kolèksi ugi kanggé parlengkapan adicara-adicara saha ritual adat. Jaman rumiyin sanesipun anggadhahi fungsi sanjata, keris ugi saged kangge tandha status sosial, jengjang pangkat ugi hadiah. Keris ing jaman rumiyin ugi saged dados simbol paseduluran ingkang dipuntandhai adicara ijol-ijolan keris, malah punika dados simbol paseduluran ingkang paling inggil. Wonten praktekipun ingkang kaanggep klenik, keris dipunanggep jimat kaliyan medhia/griya kangge lelembut.
Keris anggadhahi 49 bageyan. Bageyan-bageyan punika anggadhahi bageyan-bageyan malih inggakng langkung detail ingkang wujudipun umumipun ukiran.Ukiran ing bageyan-bageyan keris Jawa anggadhahi makna kaliyan karakter ingkang benten-benten.
Wilah utawi pesi menika bagian utaminipun keris. Bahan kagem wilah menika dipun damel saking macem-macem bahan, nanging ingkang umum saking watu météor, wesi, lan baja. Proses ndamelipun ngagem teknologi lipat, yaiku wesi utawi baja dipun panasi, ditempa, ditekuk, dipanasi, ditempa, ditekuk ngoten terus ngantos katah lipatanipun. Cacahipun lipatan menika saking 16 lipatan (keris-keris blambangan) ngantos ewonan lipatan (keris majapahit, mataram lan sapanunggalanipun). Amargi prosès menika, ndadosaken wilah keris kuat sanget, teknologi menika ugi dipuncakaken wonten industri plywood.
Warangka inggih punika sarung keris utawi wadhahipun keris. Warangka keris punika kadadosan saking perangan-perangan poko, inggih punika pendhok, mendhak, gagang, kaliyan warangka. Miturut jinisipun, warangka keris kaperang dados kalih, inggih punika warangka gayaman kaliyan warangka ladrang. Warangka gayaman punika wujudipun wonten kalih, inggih punika gayaman gaya Yogyakarta kaliyan gayaman gaya Surakarta. Semanten ugi warangka ladrang ugi kaperang dados kalih corak utawi gaya, inggih punika cara Yogyakarta kaliyan cara Surakarta.
Gaman utawi gagang inggih punika bageyan ingkang dipuncekel, panggenanipun wonten sangandhaping wilah utawi pesi. Manpangatipun inggih punika kagem nyekeli wilah kaliyan kagem dipuncekel ngangge asta. Hulu anggadhahi kathah macem motifipun. Keris Bali wonten ingkang wujudipun kados patung dewa, patung padende, patung raseksa, patung penari, pertapa, alas, ugi wonten ingkah kinatah emas lan watu mulya. Keris Sulawesi nggambaraken manuk liyar, minangka pralambang kangge profesi masyarakat Sulawesi ingkang mujudaken pelaut. Dene peksi mujudaken lambang kaslametan dunya. Kadosta motif mustaka manuk ingkang dipunginakaken ing keris Riau Lingga, lan kangge panggenan sanesipun minangka pengembangan tosan aji kadosta Acèh, Bangkinang (Riau), Palembang, Sambas, Kutai, Bugis, Luwu, Jawa, Madura, kaliyan Sulu anggadhahi ukiran lan pralambang ingkang benten. Materi ingkang dipunginakaken asalipun saking maneka warna bahan kadosta gadhing, balung, logam, ingkang apling asring dipunginakaken inggih punika kayu. Hulu keris Jawa muturut garis besaripun kaperang dados sirah wingking, liling, cigir, cetek, bathuk, madharan, kaliyan bungkul
Ingkang dipunwastanii pamor keris punika ugi saged wonten ing tosan aji sanèsipun, kadosta tumbak, wedung, pedhang, lan sapanunggalanipun. Déné pamor ingkang pilihan, biyasanipun kanggé tiyang-tiyang ingkang anggadhahi kalenggahan tartamtu utawi watek tartamtu. Pramila, langkung saé dipuntayuh rumiyin supados pirsa cocog botenipun, déné ingkang boten pilihan saged dipungadhahi sinten kémawon. Sejatosipun pamor punika gambaran/kesan utawi image wingit ingkang timbul saking ukiran ingkang wonten ing wilah keris utawi gegaman tradhisional sanèsipun. Gambaran wingit punika medal saking asil tempa campuran tosan ingkang dados bahan dhasar kanggé ndamel/nempa keris . Èlmu pamor ing gaman punika namung dipunkuwaosi déning para mpu.

Parikan


Parikan iku unèn-unèn kang dumadi seka rong (2) ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigatèn, kang kapindho minangka isi. Parikan iki kaya pantun nanging mung rong larik. Parikan migunaake purwakanthi swara
Kang diarani parikan
Yaiku unen-unen mawa paugeran telung warna yaiku :
1.         kadedan saka rong ukara kang dhapukake nganggo purwakanthi guru swara
2.         saben saukara kadedan saka rong gatra
3.         ukara kapisan mung minangka purwaka; déné isi utawa wosé dumunung ing ukara kapindho.

Tuladha:
Tawon madu, ngisep sekar. (Ukuran kapisan, 2 gatra).
Calon Guru, kudu sabar (ukuran Kapindho, 2 gatra).

Gunane purwaka (ukuran kapisan) mung dianggo narik kawigatene wong kang nedya sikandhani utawa dipituturi, Perlune, supaya ing sadurunge ukara kang isi utawa “wose” dikandhakake, wong sing nedya dikandhani wis ketarik atine, satemah banjur nggatekake, bisa ngerti temenan marang maksude ukuran kang isi “ngese” (ukara kapindho).
Manut ( cacahing) wandane, parikan iku kena diperangi dadi telu, yaiku:
1.       Parikan kan dadadean saka (4 wanda + 4 Wanda) X 2
Tuladha
Iwak bandheng, durung wayu (4 wanda + 4 Wanda)
Priya Ngganteng, sugih ngelmu (4 wanda + 4 Wanda
2.       Parikan kan dadean saka (4 wanda + 8 Wanda) X 2
Tuladha
Kembang adas, sumebar tengahing alas (4 wanda + 8 Wanda).
Tuwas tiwas, nglabuhi wong ora waras. (4 wanda + 8 wanda)
3.       Parikan kang kadadean saka (8 wanda + 8 Wanda) X 2
Tuladha
Enting-enting gula jawa, sabungkus isine sanga
Ingatase para siswa, wajib seneng nggubah basa.

Parikan sing kadadean saka (8 wanda + 8 wanda) X 2
Parikan sing kadadean saka (8 wanda + 8 wanda) X 2, saweneh ana sing ngarani parikan patang pada. Iku keliru, sebab tembung “pada” iku tumprap reriptan kanggone mung ana ing tembang. Dene yen tembung “pada” iku sing dikarepake kudu mung ora ukara, siji-sijining ukura kadadean saka 2 gatra: dadi kabeh ana 4 gatra Wondene carane nulis 4 gatra iku, kena bae didadekake 4 larik.
Tuladha kasebut kena katulis mangkane
Enting-enting gula jawa
Sabungkus isine sanga
Ingatase para siswa
Wajib seneng nggubah basa

Parikan sing dianggo nggérongi lelagoning gendhing
Ing parikan iki dhapukaning ukara mesthi bae ora bisa tansah nglungguhi paungeran, sebab cacahing wandane kawengku ing laguning gendhing.
Tuladha
Lelagon Parikan (Slendro Patet 9)
Cengkir Wungu, wungune ketiban daru (Dhu Ibu)
Calon guru, kudu sabar momot mengku (Pm)
Katrangan Perangan sing dikurung, yaiku (Dhu Ibu), iku wuwuhan, kanggo senggakan.

Suwe Ora Jamu. Pelog Pathet 6
Suwe ora jamu, jamu godhong kencur
Suwe ra ketemu, temu pisan maju mundur.

Carane ngarang parikan
Sing dikarang luwih dhisik ukara kapindho, yaiku sing isi “ngese” utawa “Wose”. Ukarane kadedean saka 4 wanda + 4 Wanda, utawa 4 wanda + 8 wanda + 8 wanda.Sawise rampung pangarange ukara kapidho, banjur ngarang ukara kapisan, yaiku ukara kang mung dianggo purwaka. Kehing wandane pada karo ukara kapindho, lan dhapukane kudu mujudake purwakanthi guru swara karo ukara sing kapindho.
Klebu rerengganing basa
Parikan klebu rerengganing basa, sebab basa sing mawa parikan iku agawe senenge wong sing maca utawa sing ngrungokake. Guneman mawa parikan bosa njalari rame nengsemake. Gendhing digerongi nganggo sakepan kang mawa parikan, bisa marakake saya gayeng.

Tuladha parikan warna telu
1.       Parikan (4 wanda + 4 wanda) X 2
Wajik Kletik, gula jawa
Luwih becik, sing prasaja
Nang jeruk, jambu nanas
Rada watuk, ngelu panas
Wedang bubuk, tanpa gula
Aja ngamuk, enggal tuwa
wedang bubuk, tanpa gula Aja ngamuk, enggal tuwa
2.       Parikan (4 wanda + 8 wanda) X 2
Kembang aren, sumber tepining kalen
Aja dahwen, yen kowe pepengen kajen
Kembang kencur, ganda sedhep sandhing sumur
Kudu jujur, yen kowe kepengin luhur
Kembang menur, den sebar den awur-awur
Bareng makmur, banjur lali mring sadulur
3.       Parikan (8 wanda + 8 wanda) X 2
Gawe cao nangka sabrang, kurang setrup luwih banyu
Aja awatak gumampang, ingatase calon guru
Sega punar lawuh empal, segane pengenten anyar
Dadi murid aja nakal, kudu ulah ati sabar
Jangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gula
Piwelingku mring muda, aja wedi ing rekasa.
Purwakanthi parikan bisa digawe mawa petungan kang adhedhasar petungan wanda (suku kata).
1.       4 wanda - 4 wanda
wajik klethik, gula jawa
luwih becik wong prasaja

jemek-jemek gula jowo
aja ngenyek padha kanca

manuk emprit menclok pager
dadi murid kudu pinter

2.       4 wanda - 8 wanda
tawon madu, ngisep sari kembang jambu
aja nesu yen dituduaaké luputmu

kembang menur, den sebar den awur-awur
bareng makmur, banjur lali mring sedulur

manuk emprit, nggawa kawat ing wit waru
dadi murid, kudu hurmat marang guru

ana baya, mangan roti karo kanca
pengin mulya, aja wedi ing rekasa

3.       8 wanda - 8 wanda
kayu urip ora ngepang, ijo-ijo godhong jati
uwong urip ora gampang, mula padha ngati-ati