Rabu, 28 Maret 2012

Cerita Rakyat


Sejen daerah, sejen uga cerita kang urip ing daerah iku. Bebasan Sejen kebon sejen walang. Saben daerah ndueni cerita dhewe-dhewe, ana kang wujud asal usul panggonan, cerita memedi utawane critane para dewa lan dewi kang urip ing daerah iku.
Nanging merga gesere pola pikire manungsa, crita rakyat iku mulai kalah dening Harry Potter, Spider Man, X Man, Super Man, Transformer,lan liya-liyane. Merga crita rakyat iku naming dipun warisake saka tutur tinular, mula ora ana pathokan kang baku.
Crita rakyat iku keperang dadi :
1.       Crita Fiksi
a.       Mite
Yaiku dongeng kang ana hubungane karo alaming lelembut, pri prayangan utawa alam gaib.
Tuladhane : Nyi Roro Kidul, Nyai Blorong, Kuntilanak, Gendruwo ,lsp.
b.      Fabel
Yaiku dongeng kang peragane para sato kewan kang bisa clathu kaya manungsa. Lumrahekanggo mulang babagan akhlak, sopan santun, unggah-ungguh marang bocah cilik.
Tuladhane : Kacil nyolong timun, kancil karo baya, gajah mungsuh semut, lsp.
c.       Legenda
Yaiku dongeng kang nyritaakeasal usul utawa  dumadine salah sawijine panggonan utawa barang.
Tuladhane : Asal-usul Rawa Pening, Legenda Tangkuban Perahu, Malin Kundang, Asal – usul jeneng desa, lsp.
2.       Crita Nonfiksi
a.       Hikayat
Yaiku crita kang nyritaake peragane kanthi jelas lan ijen ijen . Biasane kang dicritaake iku babagan kang apik-apik.
Tuladhane : Hikayat Hang Tuah, Hikayat Bahtiar, Lsp.
b.      Babad
Yaiku crita kang ana buktine, nanging wis ketambahan crita kang ngarang lan ora genah.
Tuladhane : Babad Tanah Jawa, Babad Mataram, Babad Majapahit, lsp
c.       Sejarah
Yaiku crita kang bener-bener kedadian la nana bukti nyatane.
Tuladhane : Sejarah Jendral Soedirman, Sejarah Majapahit, Sejarah Wali Perkasa ,lsp.
d.      Roman
Yaiku crita kang nggambarake uripe pawongan wiwit lair tekan pati.
Tuladhane ; Roman Adat, Roman Detektif, lsp.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar