Selasa, 03 April 2012

Sanépa


Sanepa iku unèn-unèn sing tegesé mbangetaké nanging nganggo tembung kosok balèn. Sanepa iku ukara pepindhan kang kadadeyan saka dhapukaning tembung watak lan tembung aran.
Tuladha:
  • polahe anteng kitiran; tegese polah banget, diumpamakke kaya kitiran
  • awake kuru semangka; tegese awake lemu banget, diumpamake kaya semangka
Umpamane:
  1. Ambune arum jamban tegese Ambune banger banget
  2. Awake kuru semangka tegese Awake lemu banget
  3. Balunge atos debog tegese balunge empuk banget
  4. Barange aji godhong garing tegese Barannge ora aji banget
  5. Bobote abot kapuk tegese Bobote entheng banget
  6. Cahyane abang dluwang tegese Cahyane putih banget
  7. Dedege dhuwur kencur tegese Dedege cendhek banget
  8. Eseme paitmadu tegese Eseme manis banget
  9. Kulitane wuled godhong lumbu tegese Kulite mbedhel banget
  10. Lembune benjo tampah tegese Lemune bunder banget
  11. Playune rindhik asu digitik tegese Playune banter banget
  12. Rasane legi bratawali tegese Rasane pait banget
  13. Sesrawungane renggang gula, kumepyur pulut tegese Sesrawungane raket banget
  14. Tatune arang kranjang tegese Tatune akeh banget
  15. Ulate bening leri tegese Ulate mbesengut banget
  16. Wujude agal glepung tegese Wujude lembut banget

Paribasan


Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung surasa lan karep kang kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe.

Paribasan ana kang sinebut bebasan lan saloka. Diarani bebasan Manawa lereging teges nggepok sesipatan utawa kaanan kang sambung rapet karo ulah kridhaning manungsa. Diarani saloka menawa lereging teges magepokan karo sing disemoni, disanepani, utawa dipindhakake.Anak-anakan timun = wong kang ngepek bojo anake pupon

1. Andaka atawan wisaya = wong kang kena prakara banjur minggat amarga duwe pangira bakal kalah prakarane
2. Andaka ina tan wrin upaya = wong kang didakwa nyolong nanging ora ngaku, wasana kajibah nggoleki barang kang ilang
3. Awak pendhek budi ciblek = wong cilik tur asor bebudene
4. Abag-abang lambe = guneme mung lamis
5. Adol lenga kari busik = dum dum barang, nanging sing andum ora oleh bagean
6. Akadang saksi = wong prakaran akeh sadulure kang dadi seksine
7. Ana bapang sumimpang = nyingkiri sakehing bebaya
8. Anirna patra = ngungkiri tulisane dhewe
9. Angin silem ing warih = tumindak ala kanthi sesidheman
10. Angon kosok = ngreti ulah kridhaning wong liya lan bisa empan papan tumindake
11. Asor kilang munggwing gelas = gunem manis tur marak ati lan bisa mranani sing krungu
12. Adhang-adhang tetese embung = nJagakake barang mung sakoleh-olehe
13. Aji godhong garing = wis ora ana ajine (asor banget)
14. Ana adulate ora ana begjane = arep nemu kabegjan, ning ora sida
15. Ana gula ana semut = panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.
16. Anggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi.
17. Angon mangsa = golek wektu kang prayoga kanggo tumindak.
18. Angon ulat ngumbar tangan = ngulatake kaanan, yen limpe banjur dicolong
19. Arep jamure emoh watange = gelem kepenake ora gelem rekasane
20. Asu belang kalung wang = wong asor nanging sugih
21. Asu gedhe menang kerahe = wong kang dhuwur pangkate mesthi wae luwih dhuwur panguwasane
22. Asu munggah ing papahan = wong ngrabeni tilas bojone sadulur tuwa
23. Ati bengkong oleh oncong = wong duwe niyat ala oleh dalan
24. Ana catur mungkur = ora seneng nyampuri urusaning liyan
25. Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake
26. Arep nengkane emoh pulute = gelem kepenak emoh nglakoni rekasane
27. Adigang, adigung, adiguna = seneng ngendelake kekuwatane, panguwasae, lan kepinterane
28. Ancik-ancik pucuking eri = tansah was sumelang
29. Asu marani gebug = njarag bebaya
30. Asu rebutan balung = rebutan utawa padudon sing ora mumpangati
31. Baladewa ilang gapite = wong gagah kang ilang kakuwatane, kaluhurane (ora duwe panguwasa)
32. Banyu pinerang ora bakal pedhot = pasulayane sedulur ora bakal medhotake pasedulurane
33. Bapa kesolah anak molah = yen wong tuwa oleh prakara, anak uga melu ngrasakae lan melu tanggung jawab
34. mBarung sinang = nyela-nyela wong guneman
35. mBalithuk kukum = mbudidaya ucul saka ing kukum utawa angger-angger
36. mBaguguk ngutha waton = mbangkang marang pamarentah
37. mBondhan tanpa ratu = mbangkang marang nagara
38. mBuru kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung karuwan wekase
39. mBuwang rase nemu kuwuk = nyingkiri piala, nanging malah nemu piala kang luwih saka ala
40. mBuwang tilas = rewa-rewa ora mentas tumindak pagawe ala
41. Bathang lelaku = lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayani
42. Beras wutah arang bali menyang takere = barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune
43. mBidhung api rowang = ethok-ethok nulung nanging sejatine arep ngrusuhi
44. Blilu tau pinter durung nglakoni = wong bodho nanging sering nglakoni iku luwih pinter tinimbang wong pinter nanging durung tau nglakoni
45. Balung tinumpuk = anak loro dimantu tunggal dina
46. Bathang lelaku = wong lungan ijen liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati
47. Bathang ucap-ucap = wong loro lungan liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati
48. Bubuk oleh leng = wong duwe niyat ala oleh dalan
49. Bung pring petung = bocah kang longgor (gelis gedhe)
50. Buntel kadut, ora kinang ora udut = wong nyambut gawe borongan, ora oleh opah dhuwit, mangan, lan udut
51. Busuk ketekuk, pinter keblinger = sing bodho lan sing pinter padha nemu cilaka
52. Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara
53. Belo melu seton = bisane mung melu-melu, ora ngerti sing dikarepake
54. Mburu uceng kelangan deleg = nguyak barang sepele kelangan barang sing aji
55. Bathok bolu isi madu = dianggep wong lumrah nanging sugih kepinteran, utawa wong ala rupane nanging manis bebudene
56. Bebek diwuruki nglangi = wong pinter diwulang mesthi gelis bisa
57. Bebek mungsuh mliwis = wong loro padha dene pintere mungsuhan, nanging sing siji luwih trengginas
58. Bima akutha wesi = wong gedhe kang kukuh panguwasane
59. Bramara mangun lingga = wong lanang gumagusan ing ngarepe wong wadon kang disiri
60. Brekithi angkara madu = wong kacilakan marga barang kang banget dikaremi
61. Byung-byung tawon kambu = wong ela-elu, senengane padha kumpul tanpa ana prelune
62. Calak cangkol kendhali bol, cemethi tai = nyela-nyela gunem kang ora ana pedahe
63. Carang canthel = ora diajak guneman nanging melu-melu ngrembug
64. Car-cor kaya kurang janganan = ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik
65. Cathok gawel = seneng cawe-cawe mesthi ora diajak guneman
66. Cecak nguntal elo = gegayuhan sing ora jumbuh karo kahanane
67. Cebol nggayuh lintang = wong duwe panggayuh kang mokal kecandhake
68. Cebol nggayuh langit = wong duwe panjangka kang tanpa ana kawusanane
69. Cecak nguntal cagak = gegayuhan kang ora imbang kekuwatane
70. Cedhak celeng boloten = cedhak karo wong ala bakal katut ala
71. Cengkir ketindhihan kiring = wong lanang didhisiki anggone rabi dening adhine
72. Cikal apupus limar = wong oleh kabegjan kang luwih saka mesthine
73. Cobolo mangan teki = wong bodho banget tur tumindak asor
74. Cocak nguntal elo = wong tumandang gawe kang ora laras karo kaanane
75. Cumbu laler = wong kang teka lunga pamanggone
76. Ciri wanci lalai ginawa mati = pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati
77. Cincing-cincing meksa klebus = karepe ngirid nanging malah entek akeh, karepe mung climen wekasan entek wragat akeh
78. Criwis cawis = seneng maido nanging ya seneng menehi (muruki)
79. Cuplak andheng-andheng, yen tan pernah panggonane = wong kang tansah sulaya karo rembuge wong akeh
80. Crah gawe bubrah, rukun gawe santosa = pasulayan njalari ringkih, karukunan njalari kuwat.
81. Cedhak kebo gupak = sesrawungan karo wong ala bisa melu-melu
82. Dahwen ati open = nacad nanging mbenerake wong liya
83. Digarokake dilukokake = dikongkon nyambut gawe abot
84. Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan = senajan wong liya yen nemoni rekasa bakal dibelani
85. Duka yayah sinipi, jaja bang mawinga-winga = wong kang nesu banget
86. Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang = bab ala dikandhakke becik, bab becik dikandhakkke ala
87. Derman golek momongan = wong wis akeh kewajibane isih golek gawean kang ngimbuhi ribed
88. Desa mawa cara negara mawa tata = saben panggonan duwe tata car dhewe-dhewe
89. Dadia godhong moh nyuwek, dadia banyu moh nyawuk = wis emoh sapa aruh
90. Dhalang kerubuhan panggung = wong tanpa bisa kumecap marga nemu wiring
91. Dhandhang diunekake kuntul = wong ala dikira becik
92. Dhandhang ngelak = wong kang ngajab patining liyan
93. Dhadhap ketuwuhan cangkring = kumpulane wong becik kaworan wong ala atine
94. Dhayung oleh kedhung = wong tumandang gawe kanthi kepenak jalaran cocog lan saranane
95. Dhemit ora ndulit, setan ora doyan = ana ngendi papan tansah slamet
96. Dibeciki mbalang tai = mbeciki wong liya oleh pinwales piala
97. Dikempit kaya wade, dijuju kaya manuk = banget ditresnani
98. Dolanan ula mandi = njarag tumindak gawe kang ngemu bebaya
99. Dudu berase ditempurake = nyambungi guneman, nanging ora cundhuk karo sing dirembug
100. Durung cundhuk, acandhak = ora ngerti perkarane melu urun gunem

Sengkalan


Candrasangkala utawa Sengkalan kuwi cara nulis taun sing disandhi nganggo ukara. Sengkalan punika kedadosan saking tembung saka+kala+an, lajeng mungel sangkalan; wusananipun luluh dados sengkalan.[1] Panulisan titi mangsa iki asring kagunakaké ing Sastra Jawa Kuna lan Tengahan. Cara macané kanthi diwalik. Tuladha: Sirna ilang krětaning bumi, yen diterjemahaké dadi angka 0, 0, 4, 1. Diwalik banjur dadi 1400. Tembung “sengkalan”, asalé saka tembung “saka” lan “kala”. Saka utawa çaka iku jenengé bangsa Indhu, kala utawa kala ateges wektu. Sakakala yaiku kalané ana ratu golongan çaka kang jumeneng nata ing tanah Indhu sisih kidul, lan wektu iku wiwitané tahun saka, yaiku taun 1 utawa taun 78 Masèhi. Mungguh kang dikarepaké “sengkalan”, yaiku unèn-unèn sing nduwèni teges angkaning taun. Ing jaman biyèn sing kanggo pétungan ing Tanah Jawa iku taun Saka. Nanging saiki ana sing migunakaké taun rembulan utawa taun candra, yaiku pétungan sing sasiné manut lakuning rembulan, diarani: “Candrasengkala”. Sengkala kang adhedhasar taun srengéngé, banjur diarani: “Suryasengkala”

Werna-werna sengkalan

Miturut wujudé

Miturut wujudé, sengkalan kuwi ana rong werna yakuwi:

Miturut jinisé

Miturut jinisé sengkalan dipérang dadi telu, yakuwi:
  • Sengkalan lamba, yakuwi sengkalan sing migunakaké tembung-tembung sing prasaja. Tuladha: Buta (5) lima (5) naga (8) siji (1), dadi angkané 5581 lan tegesé taun 1855.
  • Sengkalan miring, yakuwi sengkalan sing migunakaké tembung-tembung miring saka watek sengkalan lamba. Tuladha: Lungiding Wasita Ambuka Bawana (1975).
    • Tembung "lungid" maknané "landhep", sing dikarepaké landheping "gaman". Gaman duwé watek 5.
    • Tembung "wasita" maknané "pitutur jati", pitutur iku ana gegayutané karo resi, wiku utawa pandhita sing nduwé watek 7.
    • Tembung "Ambuka", sing dikarepaké "lawang" utawa "gapura" sing nduwé watek 9.
    • Tembung "Bawana", sing dikarepaké "bumi" sing nduwé watek 1.
  • Sengkalan memet, yakuwi sengkalan sing digawé ora nganggo ukra nanging awujud gambar, reca, candhi, gedhong lan sapanunggalané. Tuladha: Dik (buta) gajah tinunggangan jalma, maknané 1785 (buta=5, gajah=8, tinunggangan=7, jalma=1).

Tembung lan watek wantuné

  1. Tembung sing nduwèni watek 1 yakuwi: Tunggal, Siji, Nyawiji, Gusti, Sujanma, Jalma, Wong, Semèdi, Nabi, Rupa, Maha, Iku, Rat, Jagad, Bumi, Bawana, Surya, Candra, Kartika, Urip, Wani, Putra, Tyas, Kalbu, Wardaya. Raja, Ratu, Narpa. .
  2. Tembung sing nduwèni watek 2 yakuwi: Kalih, Dwi, Asta, Nembah, Nyembah, Nétra,Caksu, Soca, Pandulu, Tingal, Paningal, Kembar, Myat, Swiwi, Peksi, Paksi, Paksa, Sikara, Dresthi, Kanthi, Apasang, Sungu, Talingan, Karna. .
  3. Tembung sing nduwèni watek 3 yakuwi; Tiga, Tri, Bahni, Geni, Agni, Ujwala, Murub, Urub, Dahana, Payudhan, Yudha, Perang, Kaya, Kadya, Kadi, Bentèr, Kawruh, Guna, Wédha, Naut, Teken, Pawaka, Rananggana, Brama. .
  4. Tembung sing nduwèni watek 4 yakuwi: Papat, Pat, Catur, Wahana, Warih, Dadya, Kéblat, Suci, Wening, Nadi, Toya, Jaladri, Samodra, Tasik, Sindu, Marta, Karta, Masuh, Segara. .
  5. Tembung sing nduwèni watek 5 yakuwi; Lima, Gangsal, Panca, Pandawa, Wisik, Gati, Indriya, Parastra, Gaman, Panah, Pusaka, Lungid, Landhep, Guling, Diyu, Dik, Buta, Yaksa, Raseksa, Raseksi, Wil, Galak, Tata, Maruta, Bayu, Samirana, Angin, Marga. .
  6. Tembung sing nduwèni watek 6 yakuwi: Nem, Sad, Rasa, Hartati, Sarkara, Tikta, Obah, Oyag, Kayu, Wreksa, Prabatang, Lindhu, Mangsa, Naya, Wayang, Ilat. .
  7. Tembung sing nduwèni watek 7 yakuwi: Pitu, Sapta, Prawata, Giri, Arga, Gunung, Acala, Pandhita, Resi, Wiku, Sogata, Swara, Dwija, Wulang, Mulang, Weling, Wasita, Tunggang, Titihan, Titih, Turangga, Aswa, Kuda, Jaran, Sabda, Muni. .
  8. Tembung sing nduwèni watek 8 yakuwi: Wolu, Astha, Basu, Basuki, Slira, Murti, Bujangga, Pujangga, Manggala, Taksaka, Ula, Naga, Sarpa, Sawer, Dwipa, Bajul, Liman, Dwipangga, Èsthi, Gajah, Dirada, Kunjara, Tanu, Madya. .
  9. Tembung sing nduwèni watek 9 yakuwi: Sanga, Sang, Nawa, Déwa, Dwara, Lawang, Kori, Gapura, Lawang, Wiwara, Ambuka, Gandha, Puspa, Kembang, Kusuma, Bedhah, Muka, Rudra, Gatra, Menga, Mancep. .
  10. Tembung sing nduwèni watek 0 yakuwi: Ilang, Musna, Sirna, Nir, Murca, Mlethik, Langit, Akasa, Wyat, Tawang, Kombul, Muluk, Nenga, Luhur, Duwur, Adoh, Swarga, Tanpa, Tan, Swuh, Suda, Windu.

Carané Gawe Sengkalan

Yen arep gawe ukara sengkalan:
  • Sepisanan kudhu nggoleki tembung luwih dhisik kanggo guru dasanama (persamaan arti kata), tegese tetembung sing darbe tegese padha duwe watak wilangan sing padha. Umpamane : gunung, prawata, arga, giri, haldaka, lan redi.
  • Kaping loro, guru sastra (persamaan kata), tetembungan sing duwe wujud tukisan sing padha, dianggep duwe wilangan sing padha. Thuladhane : esthi sing tegese gajah. Lan tembung esthi iku, uga mengku teges kekareban kang duwe watak wolu (8).
  • Kaping telu, nggoleki guru warga (persamaan golongan). Tetembungan sing duwe golongan padha dianggep darbe watak wilangan sing pdha, contone : rembulan, srengenge, bumi, kuwi duwe watak wilanagan siji (1).
  • Sing Kaping papat, guru wanda (persamaan suku kata), yakuwi tetembungan sing duwe suku kata utawa unine padha dianggep duwe watak wilangan sing padha yaiku papat (4)
  • Kaping lima, yakuwi migatekake anane guru sarana (persamaan fungsi), yakuwi sarana utawa alat.Watak wilangan dianggep padha karo fungsine (pigunane). Tuladha : lidah (ilat).Sing ngunakake rasa dianggep duwe watak wilangan padha yakuwi enem.
  • Kaping enem, nggoleki guru karya (persamaan sifat kerja) yakuwi barang lan kerjane, watak wilangane dianggep padha, umpama mata lan madeng, dianggep darbe watak wilangan padha yakuwi loro (2)
  • Kaping pitu, guru darwa (persamaan sifat), yakuwi sipat salah sawijining barang (benda) dianggep darbe watak lan wilangan sing padha karo panas, dianggep duwe watak wilangan sing padha yakuwi telu (3)
  • Kaping wolu, yakuwi nggoleki guru jarwa persamaan arti utawa sinonim). Tetembungan sing duwe teges makna (arti ) sing padha. Contoné, retu,obah lan horeg, dianggep duwe watak wilangan sing padha yaiku enem (6)

Carané Maca Sengkalan

Maca sengkalan padha karo maos ukara umume, nanging angka sing kinandhut ing ukara sengkalan mau diwaos saka mburi mengarep utawa saka tengen mangiwa kaya maca tulisan Arab. Tegese, angka saka ukara sing keri saka sengkelan mau dadi angka taun sing ngarep dhewe, kosok baline angka sing kinandhut ing tembung sepisan, saka sengkalan Buta Cakil kang unine: Tangan Yaksa satataning Janma (penyempurnaan bentuk wayang) Buta Cakil dhek jaman Sultan Agung.Tangan : 2, Yaksa: 5, Satataning: 5, lan janma:1, dadi diwaca tahun 1552 Jawa utawa taun 16700 Masehi