Jumat, 06 April 2012

Kenthongan


Kenthongan utawa ing basa kasebut jidor yaiku alat kotèkan kang digawé saka wit, pring utawa bahan kayu jati kang diukir Mumpangat kenthongan bisa kanggo pertanda utawa ing basa Indonésia kasebut alarm, kode komunikasi jarak kang adoh, morse, piranti adzan, uga pertanda cilaka.Wujud kenthongan kasebut kurang luwih 40cm lan dhuwur 1,5M-2M. Kenthongan asring dipigunakake kanggo piranti komunikasi ing zaman biyen kang ana ing penduduk kang ana ing dhaerah utawa pagunungan / Paredèn  

Sajarah

Sajarah budaya kenthongan kang ana wiwit asal-usulé saka legenda Cheng Ho kang misuwur saka Cina nganakake panjebaran agama islam .Ing Sakjroning panjebaran Cheng Ho nemukake kenthongan lan didadekake piranti/alat wicara ritual kaagamaan. Panemuan kenthongan kasebut digawa ing tlatah China, Korea, lan Jepang. Kenthongan uga bisa ditemukake wiwit awal Masehi.Ing Nusa Tenggara Kulon, kenthongan ditemukake ing Raja Anak Agung Gede Ngurah kang kuasa ing sakubenge kurang luwih abad XIX , uga migunakake kenthongan kanggo ngumpulake rakyat . Ing Yogyakarta wiwit mangsa krajaan Majapahit, kenthongann Kyai Gorobangsa asring dippigunakake kanggo ngumpulake utawa ngundang ing sakjroning masyarakat.

Kenthongan iku kagolong kesenian ing Banyumas. Sebenere kenthongan ora beda adoh karo calung, pada-pada digawe saka bahan dasar pring. Kenthongan juga biasa diarani "tek tek" dhaerah sing lagi anget-angeté majukna kesenian tek-tek yaiku Banyumas karo Purbalingga.Kegiatan kentongan awale cuma nggo kesenengane wong pada ronda, jumlahe 4-5 wong pada nganggo kentong muter keliling desa. siki kentongan wis dilombakna lan jumlah pemaine rata-rata 30an lan nganggo mayoret mbarang. dandanane wis ngejreng! biasane nganggo klambi sing mencereng supayane narik perhatian penonoton. mayorete ya uga kenya sing esih enom lan pinter joget. alat-alat sing digunakna antara lain kenthongan (alat utama), bedug(cacahe 2), kecrek, calung, suling, angklung, teplak lan alat-alat liyane sing sengaja ditambahna supayane bisa gayeng. lagu sing sering dimaina neng grup-grup kentongan biasane lagu-lagu dangdut lan campur sari, sebenere kabeh lagu bisa diganti aransemene tapi tergantung pinter-pintere pemaine pada.

sumber : http://jv.wikipedia.org/wiki/Kenthongan

Kethoprak


Kethoprak kalebu adalah salah sawijining kesenian rakyat ing Jawa Tengah, ananging ugo bisa tinemu ing Jawa Wetan. Kethoprak wis nyawiji dadi budaya masyarakat Jawa Tengah lan biso ngasorake kesenian liyane, umpamane Srandul, Emprak lan sakliyane.
Sejarah
Kethoprak wiwit bebukane awujud dedolanan para priya ing dhusun kang lagi nganaake lelipur sinambi nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu wulan purnama ndadari, kasebut Gejog. Ana ing tembe kaering tembang bebarengan ing kampung /dusun kanggo lelipur . Sak teruse ana tambahan kendhang, terbang, lan suling, mula wiwit saka iku kasebut Kethoprak Lesung, kira-kira kadadeyan ing tahun 1887. Sak banjure ana ing tahun 1909 wiwitan dianaake pagelaran Kethoprak kanthi paripurna/lengkap.
Pagelaran Kethoprak wiwitan kang resmi ing ngarsane masyarakat/umum, yakuwi Kethoprak Wreksotomo, dipandegani dening Ki Wisangkoro, sing mandegani kabeh para pria. Carita kang dipagelarake yaiku : Warsa – Warsi, Kendana Gendini, Darma – Darmi, lan sapanunggalane.
Sawise iku pagelaran Kethoprak sansaya suwe dadi lan apike lan dadi klangenane masyarakat, utamane ing tlatah Yogyakarta. Ing kadadeyan sak wise Pagelaran Kethoprak dadi pepak anggone carita lan ugo kaering gamelan.

Jenis-jenis
Anane gegayutan karo pagelaran “teater” para narapraja, mula pagelaran Kethoprak, bisa dibedakke mengkene :

1.       Kotekan Lesung : awujud awal mulane Kethoprak lan dadi winih ing tembe mburi dadi pagelaran Kethoprak.
2.       Kethoprak Lesung Wiwitan : wiwitane saka kotekan Lesung ana tari-tarian lan jangkep karo carita , panguripane para tani .
3.       Kethoprak Lesung : Amujudake pagelaran jangkep lan nganggo carita rakyat kaering gamelan kaya ta gendang, suling, terbang lan lesung. Iki kang bakal lan lahire pagelaran Kethoprak.
4.       Kethoprak Gamelan : Wiwitan saka Kethoprak Lesung, dijangkepi karo carita Panji lan ageman ‘mesiran’ ( Baghdad ).
5.       Kethoprak Gamelan Pendopo : carita-caritane ngemungake carita Babad, dipagelarake nganti seprene . Pagelaranne ana ing panggung tanpa payon, nanging wis nyedhaki ana ing Gedhung/panggung , yaiku kasebut Kethoprak Pendapa ( Pagelarane ana ing ‘Pendopo’).
6.       Kethoprak Panggung : Iki pagelaran Kethoprak ingkang pungkasan , yoiku Kethoprak kang di pagelarake ana ing panggung kanti carita campur, awujud carita rakyat, sejarah, babad uga carita adaptasi saka ing nagari manca (Sampek Eng Tay’’, Maling saka Bagdad lan sapanunggalane ).

Saiki bisa dipirsani Kethoprak Panggung ana ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wetan. Pagelarane dadi profesional kanthi amungut bayaran karcis , ugo kanggone para nayaga (pemain ) lan pradangga (penabuh gamelan ) kethoprak wis dadi panguripan. Tehnik pagelaran lan carita digawe luwih apik lan ditindaake kanthi teges lan tumemen. Conto mau bisa dipirsani ana ing Kethoprak “Siswo Budoyo” saking Tulung Agung, Jawa Wetan kang wis misuwur ana ing ngendi wae, dadi klangenane masyarakat.
Isi cerita
Rupa-werna carita pagelaran Kethoprak umpama carita rakyat, dongeng, babad, legenda, sejarah lan adaptasi saka nagari manca bisa uga migunaake swasana Indonesia, contone karya Shakespeare : Pangeran Hamlet utawa Sampek Eng Tay. Carita-carita baku: Darma-Darmi, Warsa-Warsi, Kendana-Gendini, Abdul Semararupi (crita Menak), Panji Asmarabangun, Klana Sewandana (crita Panji), Ande-ande lumut, Angling Darma, Roro Mendut, Damarwulan, Ranggalawe, Jaka bodo.
Carita klangenan masyarakat bisa arupa carita pahlawanan, paperangan , carita nglempengake kabeneran biasane ing akhir carita sing gawe bebener, jujur lan baik antuk kamenangan.
Ageman para nayaga pemain di padaake karo carita kang dipagélarake, . Biasane nganggo ageman para Narapraja Jawa wektu jaman kerajaan biyen. Umpama Pangeran Wiroguna, Agemane ngangga Priyayi Jawa Pangeran saka tlatah Jawa Tengah ( Jogaakarta ), Semono uga para prajurit. Nanging ana uga ageman kang arupa simbolis ,umpama Piyantun Wicaksana aweni ageman cemeng , Piyantun suci awerni agemman pethak, ingkang kendhel agemane abang. Carita Baghdad agemane kasebuat “Mesiran” nganggo ageman sutra. Agemen Wayang wong uga ana gegayutan karo Kethoprak, utamane Kethoprak pesisran tlatah Jawa sisih pesisir Lor. Umpamane carita Angling Darma, Menak Jingga/Damarwulan.
Uga ana ageman kasebut basahan, yokuwi ageman kejawen ananging cinampur ing liyan bisa arupa ageman batik, lan beskap uga surban (biasane nganggo uga jubah). Ageman basahan iki biasane ana ing carita Menak utawa carita para wali/para ulama Islam ing sajerone praja.
Sing dadi ciri wancine Kethoprak : Carita kanthi para nayaga/pemain , kaering tabuhan (gamelan) ,Ageman tembang kang dadi tetenger kethoprak . Rembugan uga biasa nganggo tembang ,dadi tembang bisa mujudake dadi pangiring adegan, dialog, monolog ( rerasan dewe) utawa dadi narasi.
Wondene unining gamelan kanggo ngeringi tembang, adegan, ilustrasi swasana carita, swasana dramatik, kang mbedaake adegan siji lan sijine,

Kagem para maos sing kepingin midhangetake kethoprak ing format mp3 bisa ngundhuh ing kene http://apdnsemarang.wordpress.com/dagelan-ludruk-ketoprak/
Perangkat pengiring
Kendang, saron, ketuk, kenong, kempul lan gong bumbung utawa gong kemada. Gamelan jangkep biasane nganggo suling utawa terbang. kanthi tambahan keprak.
Para nayaga kethoprak biasane pinter anggone “akting” uga kudu pinter nyanyi & nari .
Para pradangga gamelan, bebarengan karo sinden (waranggono),ngeringi irama gamelan kethoprak.
Senadyan sing dienggo basa Jawa nanging kudu nganggo “unggah-ungguh” basa. bisa nganggo Jawa biasa (ngoko), basa krama, lan Krama inggil.
Ing wektu saiki, ana ing wolak waliking jaman, kethoprak uga duwe “improvisasi” kanthi wujud dagelan kethoprak. Umpamane awujud Dagelan lan Kethoprak Humor ana ing siaran Radio lan televisi. Carita bakune padha nanging dipagelarake kanthi dagelan . mligi ngemungake lan nyenengake pamirsane.Bab paugeran nomer loro. Kethoprak mau biasane wis ora nganggo unggah ungguh basa lan tatakrama, sing baku bisa gawe geguyu.Carita lan basa ora nganggo paugeran baku. Mula bisa kasebut Kethoprak ora jangkep.

Selasa, 03 April 2012

Rerangkening Upacara Ngandhut


Mapati
Ngupat utawa ngupati iku salahsijining upacara adat sing diselenggara'ake wektu calon ibu mbobot 4 sasi. Tembung "ngupat" asale saka tembung papat (4) utawa kupat. Tujuane upacara adat iki kanggo keslametan calon bayi lan ibune utawa kanggo sing sifate tolak bala dadi padha karo upacara adat mitoni. Sing radha bedha karo upacara adat mètèng liyane yaiku ana sajian kupat neng kendhuren ngupati, kupat iki uga diserta'ake neng besek sing digawa bali undangan sing hadir. Ngupat sejatine kanggo pralambang yen jabang bayi wis mlebu neng tahap kaping papat neng proses penciptaan menungsa. Upacara adat ngupat kudhu diselenggara'ake neng dina sing apik miturut etungan dina Jawa.
Ngliman
Ngliman iku salahsijining upacara adat wètèngan sing diselenggara'ake wektu calon ibu mbobot 5 wulan. Tembung "ngliman" asale saka tembung lima (5). Tujuane upacara adat iki padha karo ngupatan yaiku upacara kanggo keslametan calon bayi lan ibune utawa kanggo sing sifate tolak bala.
Upacara adat ngliman iki kurang dikenal neng dhaerah-dhaerah tinentu, bedha karo mitoni sing wis umum dikenal masyarakat Jawa malah uga dikenal neng masyarakat Nusantara.

 

Mitoni

Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki diselenggarakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi, tujuane kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sifaté tolak bala. Ing dhaérah tinentu, upacara iki uga diarani tingkeban.

Makna

Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwé raga sing sampurna. Dadi miturut pengertian wong Jawa, wêtêngan umur 7 sasi iki proses penciptaan menungsa iku wis nyata lan sempurna neng sasi kaping 7 iki utawa Sapta Kawasa Jati.Rangkaian acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati, urut-urutane yaiku siraman, nglebo'ake endhog pitik kampung neng jero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebo'ake kelapa gading enom), memutus lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan terakhir kendhuren. Acara siraman mung diselenggara'ake kanggo mitoni anak pertama.Miturut adat Jawa mitoni iku kudhu diselenggara'ake neng dina sing bener-bener apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuah awan nganti mbengi.

Rangkeyan acara

Rangkaian acara kanggo upacara mitoni iki luwih akèh tinimbang upacara ngupati, urut-urutané yaiku siraman, nglebokaké endhog pitik kampung ing jero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokaké cengkir klapa gadling), medhot lawé utawa lilitan benang (janur), mecahaké wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasan kendhurèn.
Acara siraman mung diselenggarakaké kanggo mitoni anak pisanan.

Tedhak sitèn

Tedhak sitèn utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 wulan. Upacara iki ing dhaérah liya ing Nuswantara uga ana, contoné sing diarani upacara injak tanah ing dhaérah Jakarta déning suku Betawi utawa uga ana sing ngarani mudhun lemah.
Tedhak sitèn iku asalé saka tembung tedhak utawa idhak lan sitèn (saka tembung siti) utawa lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang bocah sing siap-siap njalani urip liwat tuntunan wong tuwa lan diselenggarakaké yèn umur bocah wis 7 selapan utawa 245 dina (7 x 35 = 245).

Urutan prosesi

  • Tedhak sega pitung warna
  • Mudhun tangga tebu
  • Ceker-ceker
  • Kurungan
  • Sebar udik-udik
  • Siraman

Puputan

Puputan utawa pupak puser, iku sejatiné nduwé makna tali puser bayi puput. Dadi upacara iki dianakaké wektu utawa bubar puputé tali puser saka udhel bayi.

Slametan

Biasané ana acara slametan ing upacara puputan iki, acarané yaiku kendhuren, bancakan lan awèh jeneng bayi. Upacara iki apik yèn diselenggara'ake bubar wektu maghrib.
Puputan bayi digolongke dadi 2, yaiku: 1. golongan bangsawan/kerajaan: Sega gudanga, jenang abang putih, 5 werna bubur, lan jajan pasar. 2. golongan rakyat biasa: Sega jangan, jenang abang putih, jenang boro-boro, lan jajan pasar.

Mendhem ari-ari

Mendhem ari-ari iku salah sijining upacara kelairan sing umum diselenggara'ake malah uga ana neng dhaerah-dhaerah (suku-suku) liya. Ari-ari iku bagian penghubung antara ibu lan bayi wektu bayi esih neng jero rahim. Istilah liya kanggo ari-ari yaiku: aruman utawa embing-embing (mbingmbing.
Ing Jawa ana kapercayaan seulur papat, kakang kawah adhi ari-ari, ibu bumi, bapa angkasa. Wong Jawa percaya yen ari-ari iku sejatine salah siji sedulur papat utawa sedulur kembar si bayi mulane ari-ari kudhu dirawat lan dijaga misale enggon kanggo mendhem ari-ari iku diwei lampu (umume senthir) kanggo penerangan, iki dadi simbol "pepadhang" kanggo bayi. Senthir iki dinyala'ake nganti 35 dina (selapan).

Tata cara

Ari-ari dikumbah nganti resik dilebo'ake neng kendhi utawa bathok kelapa. Sedurung ari-ari dilebo'ake, alas kendhi diwei godhong senthe banjur kendhine ditutup nganggo lemper sing esih anyar lan dibungkus kain mori. Kendhi banjur digendhong, dipayungi, digawa neng lokasi penguburan. Lokasi penguburan kendhi kudhu neng sisi tengen pintu utama umah.
Sing mendhem kendhi kudhu bapak kandung bayi.

Brokohan

Brokohan iku salahsijining upacara adat Jawa kanggo nyambut kelairan bayi. Upacara adat iki nduwe makna ungkapan syukur lan sukacita amarga proses klairan iku slamet.
Brokohan iku asal tembunge saka basa Arab yaiku "barokah" sing maknane ngarepake berkah.

Tujuan

Upacara brokohan tujuane kanggo keslametan proses kelairan uga perlindungan kanggo bayi lan kanggo harapan bayi sing lair isa dadi bocah sing apik perilakune.

Rangkeyan upacara

Upacara diwiwiti saka mendhem ari-ari sing dilanjutake bagi-bagi sesajen brokohan kanggo sedulur lan tangga.
Sepasaran
Sepasaran iku salah sijining upacara adat Jawa wektu umur bayi 5 dina. Upacara adat iki umume diselenggaraake sederhana ning yen bebarengan karo aweh jeneng bayi, upacara iki diselenggaraake radha meriah.
Tembung sepasaran dhewe asale sake tembung sepasar.
Sepasaran umum diselenggaraake sore nganggo acara kenduren lan ngundang sedulur uga tangga umah. Suguhan sing disajiake umume wedang lan jajan pasar ning uga ana besek sing umum kanggo ditentengan mulih.
Aqeqah
Aqeqah meniko nggih budoyo saking basa Arab, artinipun aqeqah piyambak meniko gadah arti rambut ingkang wonten kepalanipun bayi ingkang nembe lahir, lan aqeqah saged diartiken pemotongan. Aqeqah meniko piyambak menurut syariah Islam nggih memotong domba kange bayi ingkang nembe lahir. Kangge bayi ingkang putro dipotongaken mendho kalih, manawi dingge bayi putri dipotongaken mendho setunggal. Aqeqah meniko diagem kangge syukranipun putra-putri nipun piyambak.
Sumber : http://jv.wikipedia.org/wiki/Kategori:Upacara_adat_Jawa